Senin, 01 Februari 2016

NASKAH untuk ANAK/basa jawa GauL



Thole lan Iwak Emas
Scene 01.
Di Jalan Raya – siang hari
Thole pulang sekolah

            Hiruk-pikuk kendaraan bermotor di jalan raya. Thole bersepeda, menyusuri tepian jalan.

Scene 02.
Di Jalan, tepian bantaran sungai – siang ahri
Thole pulang sekolah

Thole bersepeda menyusuri jalan, tepian/bantaran sungai. Ia berhenti sejenak  (masih di atas sepedanya), melihat-lihat air di sungai. Dia tersenyum. Kemudian mengayunkan pedal. Melajukan sepedanya.

Scene 03.
di jalan masuk kampong – siang hari
Thole pulang sekolah

Thole bersepeda, menyusuri jalan kampungya. Kadang dia mengusap keringat diwajahnya, dengan tangan.

Scene 04.
Di pekarangan rumah – saing hari
thole

thole masuk pekarangan. Menaruh sepedanya begitu saja. Dia masuk rumah.

Scene 05.
Di dalam rumah – siang hari.
Thole

Thole melepas tas, baju, sepatu. Menaruh tas, sepatu, baju. Ganti kaos.

Scene 06.
Di halaman – siang hari
Thole, anak-anak bermain.

Sekerumunan anak-anak putri sedang bermain. 2 anak putra mengganggu. Anak-anak putri marah. 2 anak putra sambil tertawa, meninggalkan anak-anak putri. Anak-anak putri melanjutkan bermainnya.

Scene 07.
Di halaman – siang hari
Thole dan anak-anak putra.

Thole dan 1 temannya duduk. Memandang teman-teman putri bermain. Beberapa saat kemudian teman putra yang lain berdatangan.
Bocah 1:  kanca-kanca, yo dolanan, yo..!
Bocah 2:  dolanan apa.
Bocah 3:  nek bal-balan piye?
Bocah 4: bosen aku. Dolanan liyane wae...!
Thole :  kanca-kanca, piye nek mancing wae? Mau bali sekolah aku ndeleng-ndeleng banyu nang kali. Ketoke owake kok akeh...
Kabeh: ok, setuju.
Kemudian mereka bubaran.

Scene 08.
Di jalan kampong – siang hari
Thole dan teman-temannya

Thole dan teman-temannya bersepeda, sambil membawa pancing.

Scene 09.
Di bantaran sungai – saing hari
Thole dan teman-temannya

Thole bersepeda bersama teman-temannya sampai di bantaran sungai. Mereka menyandarkan sepedanya, kemudian berjalan ketepi sungai peersiapan mincing, sampai pada adegan mancing. Beberapa kali mereka mengayunkan pancing dan mengangkatnya, 1 ekor ikanpun tidak ada yang nyangkut.
Bocah 1:  thole, nang kene sepi iwake...!
Bocah 2:  pindah nggon yuk!
Beberapa teman yang lain terpengaruh. Mereka menyabet-nyabetkan kailnya ke sungai. Tetapi Thole tetap tenang saja. Semua pada melihat Thole, kemudian mendekat. Tak lama kemudian kail Thole diangkat. Ternyata kail Thole tersangkut ikan emas.

Scene 10.
Di tepi sungai – siang hari
Thole dan teman-temannya

Setelah melihat Thole mendapat ikan, teman-temannya berebut melempar umpan disekitar tempat Thole mendapatkan ikan. Beberapa saat kemudian mereka mendengar suara tangis. Thole dan teman-temannya, bertanya-tanya dan mencari sumber suara tangis.

Swara:  huhu… huhu…huhu…
Thole:  sapa kowe?
Swara:  huhu… huhu… huhu…
Thole:  sapa kowe? Kenapa kowe nangis?
Swara:  aku… huhu… akuiwak Emas sing mbok pancing!
Kabeh:  iwak emas?

Scene 11.
Di bantaran sungai – siang hari
Thole dan teman-temannya
Ikan emas di kaleng bekas roti. Thole dan teman-temannya mendekat.
Thole  :  iwak emas, knapa kowe nangis?
Kabeh:  iya iwak emas, knapa kowe nangis?
Swara  : aku lola, ora duwe kanca, ora kaya kowe-kowe...
Bocah 6: lha kanca-kancamu padha nand ndi?
Swara  : kanca-kancaku padha mati kabeh...
Bocah 7:  mergane apa/ padha lara ya...?
Swara  :  ora! Kanca-kancaku mati, mergane klakuawane menungsa. Kanca-kancaku mati merga diapotas, disetrum, lan liya-liyane.
Saut-sautan:  apa kuwi wong tuwaku..?
Swara  :  aku ora ngerti. Ngertiku kuwi wong-wong jahat! Jahat! Jahaaaat! Huhu… huhu… huhu…

Scene 12.
Di gardu kampong – siang hari
Thole dan teman-temannya
Mereka duduk bergerombol. Di tengah kerumunan mereka, adalah kaleng bekas roti, berisi ikan emas. Mereka membicarakan nasib ikan emas.
Thole  :  aku arep mbalekake iwak Emas iki nang kali.
Bocah 8:  eman-eman nek dibalekake Thole!
Bocah 9:  mesakake nek dek’e nang kali dhewekan ra ana kancane.
Kabeh:  iya, nang kene wae, dikancani awakke dhewe kabeh...
Bocah 6:  dek’e uripe nang banyu, dene kanc-kanca uripe nang ndarat. Terus piye?
Bocah 7:  piye nek iwak emas kuwi dibalekake nang kali, ning tetep dikancan?
Kabeh:  maksude,awan, bengi, kabeh kanca-kanca ngancani nang kali?
Bocah 7: ora ngono karepku...
Thole  :  wis, wis, wis..! ngene wae, piye nek iwak emase dibalekake kali, banjur  kita nyebar benih iwak nggo kanca iwak emas nang kali?
  Kebeh: (saling memandang) setuju!

Scene 13.
Di tepi sungai – siang hari
Thole dan teman-temannya
Tjole dan teman-temannya, berdiri berjajar di tepi sungai. Thole membawa kaleng bekas roti isi ikan emas. Teman-temannya membawa aneka tempat, berisi aneka benih ikan. Pertama kali Thole melepas ikan emas, kemudian disusul teman-temannya menabur benih ikan yang mereka bawa.
Thole  :  selamat jalan iwak emas…
Kabeh:  saiki kowe ora lola maneh..!
Swara  : matur nuwun Thole, matur nuwun kanca-kanca...

Scene 14.
Di bantaran sungai – siang hari
Thole
Seperti scene 01, dan scene 02. Thole tersenyum melihat jauh kedepan.
S-E-L-E-S-A-I

 


“Kandheg”
Dening: Catur Widya pragolapati

Swasana panggung :
Nang ndesa, wayah padhang mbulan. Rembulane ketok ngegla, nang pereng etan. Lamat-lamat swara bocah-bocah padha nembang “padhang mbulan”. Bocah 1 & 2 linggih nang dhingklik dawa, nyawang mbulan.

Bocah 1:
(mingser, madhep bocah 2) padhang mbulan kaya ngene iki, enake dolanan apa, ya?
Bocah 2 :
Nek mung kowe karo aku thok, ya ora gayeng.
Bocah 1:
Lha terus karepmu piye?
Bocah 2 :
Piye, nek ngampiri kanca-kanca. Dijak dolanan bareng nang lapangan utawa nang latar kene wae?
Bocah 1:
(mikir sedela, terus manthuk, tandha sarujuk).

Bocah sakloron terus ngundangi kanca-kancane, diajak dolanan. “ kanca-kanca, yo dho dolanan yo, mumpung padhang mbulan. Kae lho, mbulane ketok melok-melok!”. Ora let suwe, bocah-bocah sabarakan, mlebu panggung. Padha umyek, ngomongke bab dolanan apa sing arep dienggo.

Bocah 3 :
Terus, arep padha dolanan, apa? Nek bekelan utawa pasaran aku emoh. Enak nang omah, karo ndelok tipi. Apa neh, acarane bengi iki apik-apik.
Bocah 4 :
  Ya wis, ngene wae, piye nek dolanan gobak sodor utawa seledor?
Kabeh  :
  (saut-sautan) gobak sodor wae!
Bocah 3  :
Yo wis! Yen ngono, golek pasangan dhewe-dhewe terus pingsut. Sing menang balane sing menang, sing kalah balane sing kalah!

Bocah-bocah terus padha pingsut. Sawetara sing wis pingsut, gawe garis kanggo main gobak sodor. Bareng wis padha rampung kabeh, dolanan kawiwitan.
pungkasane, wektu bocah-bocah lagi gayeng dolanan, Mbah Carito mlebu. Ndeleng bocah-bocah dha dolanan, mbah carito atine bombong. Ing atase jaman kaya mangkene isih ana bocah sing seneng dolanan kaya ngono. Mbah carito neruske mlakune. Durung nganti metu panggung, diundang bocah-bocah.

Bocah 5 :
He, kanca-kanca! Deloken kae, kae rak mbah carito, to?
Kabeh  :
Iya, bener. Kae Mbah Carito. Lha ana apa to?
Bocah 5 :
 Piye, nek mbah carito dundang, terus kon ndongeng. wis suwe ra tau dongeng, Sajege ana tipi.
Kabeh  :
Iya, bener. Yo diundang wae. Mbah Caritooooo… ! Mbah.. , mriki Mbah, mriki sekedap.

Mbah carito mandheg. Terus noleh. Mesem kebak seneng, ndeleng bocah-bocah padha sumringah. Sawetara, bocah-bocah padha pandengan. Terus padha manthuk, tandha sarujuk. Bocah-bocah nyedhaki mbah carito. Padha umyek, rebutan nggandheng.

Saut-sautan :
Mbah, ndongeng mbah. Pun dangu mboten ndongeng. (dibolan-baleni).
Mbah Carito :
Yo, yo… engko ndhisik, to. Si Mbah tak linggih ndhisik.
Saut-sautan :
 Enggih, Mbah. Enggih. Pinarak ndhisik, mbah!
Mbah Carito :
 (bareng wis pinarak) si Mbah mbok kon ndongeng apa? Nang telepisi rak ya  wis akeh to, crita sing apik-apik.
Bocah 1 :
 Enggih, leres mbah. Ning kulo kangen kalih dongenge mbah carito.
Bocah 2 :
Leres, mbah. Nek Mbah Carito sing ndongeng, rasane pripun ngono lho mbah.
Bocah 3 :
 Pripun piye, maksudmu?
Bocah 2 :
 Ya, pokoke pripun. Aku kangelan nek nerangke.
Bocah 4 :
Sing cetha, Mbah. Nek Mbah Carito ndongeng, niku langsung, mboten berthele-thele. Mboten dipedhot-pedhot kados teng tivi.
Bocah 5 :
Kejaba ngono, yen awake dhewe ora mudheng critane, isa langsung takon karo Mbah Carito, ra yo ngono to, konco-konco?
Saut-sautan :
Iyo, bener. Iyo bener. Iyo bener.
Mbah Carito :
Yen pancen ngono karepmu, yo wis, simbah manut. Nanging janji lho, kowe-kowe kabeh tetep kudu sregep sinau, ben pinter!
Kabeh :
Inggih Mbaaaah!
Mbah Carito :
Simbah arep crita bab kancil nyolong timun.
Saut-sautan :
Alaaa bosen mbah, sanese mawon!
Mbah Carito :
(nggeguyu) yo, simbah arep crita wektu jaman Jepang. Rikala semana, simbah lagi golek kayu nang alas. Wektu kuwi alase isih runggut! Ora koyo saiki, padhang jingglang mergo kayune wis podho ditegori wong-wong sing jaga alas kana.
Bocah 6 :
Lho Mbah, sing negori rak yo wong-wonge dhewe to?
Bocah 7 :
Lha iyo kuwi mau, wong-wong sing jaga alas kuwi mau wong-wonge dhewe, dudu wong Jepang.
Bocah 8 :
Ora ngono maksude! Wong-wonge dhewe dipekso wong Jepang kon negori Mengko kayune dipek wong Jepang.
Bocah 6 :
Piye to, kok malah bingung aku?
Bocah 9 :
Lha iyo, yen kowe rung mudheng, aja crewet wae ngono lho. Mbah Carito ben ngrampungke dhisik critane, lagi mengko yen wis rampung lagi takon!
Bocah 6 :
Jare Bu Guru yen ora mudheng kon takon! Saiki aku takon malah diseneni. Piye to?
Bocah 9 :
Yen wis rampung lagi takon! Ora nugel tengah kaya ngono kuwi! Mpun Mbah dilajengke mawon critanipun! Ora rampung-rampung mengko critane!
Mbah Carito :
Ya, tak terusne critane. Tekan ngendi mau?
Kabeh :
Dugi kayune ditegori wong sing jaga alas.
Mbah Carito :
Bener! Kawit jaman Walondo nganti jaman Jepang, sing negori kayu wong-wonge dhewe. Nanging kabeh mau mung kongkonan, maksude wong penjajah mau ngongkon wong pribumi negor kayu. Yen wis, asile dipek wong monco mau.
Bocah 8 :
Lha ra iyo bener aku to?
Kabeh :
Wis to, meneng wae dhisik!
Bocah 7 :
Nanging jaman saiki sing negori wong-wonge dhewe, terus dipek dhewe nggo kebutuhane.
Bocah 6 :
Kuwi istilahe penjarahan, ra nggih ngoten to Mbah?
Mbah Carito :
Embuh, simbah ora weruh sing diarani penjarahan. Ngertiku wong sing nyolong kayu ning alas kuwi diarani blandhong. Ngono ngertine simbah.
Bocah 8 :
Lha nggih niku mbah, sing diarani penjarahan. Negori kayu teng alas ora ngomong sing duwe.
Bocah 5
lan sakarepe dhewe, nganti alase gundul.
Bocah 2 :
Sing ngakibatke dadi banjir gedhe. Lha yen wis ngono, sapa sing gelem disalahke.
Bocah 9 :
Pancene wit-witan sing ana alas kae ana sing duwe? Ora angger uwong entuk negori to?
Bocah 7 :
Piye to kowe kuwi. Alas kae nggone pemerintah. Sapa wae sing negor kudu ijin karo pemerintah.
Bocah 9 :
Lha wektu pemerintah isih dicekel Londo utawa Jepang, ijine yo karo dhekne?
Bocah 7 :
Yen kuwi aku ora ngerti, aku kan durung lahir. Takon wae karo Mbah Carito!
Mbah Carito :
Yen wektu semono, konco-koncone simbah yen arep butuh kayu dienggo gawe omah utawa lemari yo kari negor wae. Ora ngomong sapa-sapa.
Bocah 6 :
Niku naminipun penjarahan Mbah,nyolong.
Mbah Carito :
Ora gelem diarani nyolong. Lha wong wit jati kuwi sing nandur mbahne kok diarani nyolong. Sing nyolong yo wong Walondo karo wong Jepang kae!
Bocah 8 :
Apik iki critane, apik. Soyo seru iki. Mbah carito wis mulai emosi. Lajeng pripun mbah?
Mbah Carito :
Yo kuwi mau, yen wit-witan sing nang alas kae ngono, sing nandur jamane simbah buyutku. Dadi yo ora keleru yen anak putune melu ngundhuh, melu negori.
Bocah 9 :
Ngeten Mbah. Pancen leres sing nandur simbah buyut, nanging manut critanipun Bu Guru, lemahe alas meniko ra kagungane pemerintah. Dados ingkang gadhah meniko nggih pemerintah.
Bocah 7 :
Yen wektu semono sing dadi pemerintah wong Londo utowo wong Jepang, dadi alas kuwi nggone wong-wong kuwi mau?
Bocah 6 :
Lan yen arep negor butuh kayune kudu ijin dhekne?
Mbah Carito :
Ora isa! Kudune wong-wong kuwi mau nembung karo pribumi, bangsane awake dhewe. Ora kok malah kene sing nembung utawa apa mau, ijin!
Bocah 6 :
Piye to, kok malah bingung aku. Sajane sing kudu ijin kuwi sing pemerintah apa bangsane dhewe?
Mbah Carito :
Yen wektu semono, kudune wong Walondo sing nembung bangsane dhewe. Ora sakarepe dhewe ngono kuwi. Kuwi jenenge maling, ngrampok!
Bocah 8 :
Nggih Mbah, nggih. Leres njenegan.
Bocah 9 :
Yo ora isa ngono to! Wektu semono sing kuwasa Walanda, yo dhekne sing ngatur sakabehe.
Mbah Carito :
Ee . . e . . e! sapa sing ngajari kaya ngono kuwi? Alas saisine kae duweke wong pribumi, bangsane dhewe. Aku lan kowe-kowe kabeh yo nduweni!
Bocah 9 :
Inggih Mbah, leres. Nanging sedaya menika ra nggih kedah wonten ingkang ngatur to?
Mbah Carito :
Ngatur apa arep nguwasani, terus asile arep dipek dhewe, ngono!? Wis wegah aku neruske
 crito! Arep bali wae aku yen kaya ngene.

Mbah Carito terus ngluyur metu, karo prengat-prengut, agol atine. Sawetara bocah-bocah padha ndomblong, terus padha nyalahke siji lan sijine.

Bocah 1 :
Kowe kok sing marake mbah carito nesu. Yo ra sida crita to yen ngene.
Bocah 6 :
Lho kok aku to!? Yo iki (nduding bocah 9) sing sok pinter-pintero dhewe ngerti bab alas.
Bocah 2 :
Nanging sing crewet takon terus mau ra yo kowe to?
 Bocah 3 :
Lan sing mancing-mancing bab negori kayu?
Bicah 5 :
Yen aku ngarani yo malah iki (nduding bocah 7) sing manas-manasi mbah carito ngomong bab pemerintahan.
Bocah 4 :
Meneng-meneng malahan kowe (nduding bocah 8) sing mbombongi terus.
Bocah 8 :
Lho, yo ora isa ngono to. Aku ra mung . . .
Bocah 7 :
Wis . . wis! Kabeh padha nganggep bener dhewe. Ora ana sing gelem disalahke. Saiki apike enake piye? Nyusul Mbah Carito apa neruske dolanan maneh.
Kabeh :
(saut-sautan) yo, dolanan maneh wae mumpung isih padhang mbulan.
Bocah 9 :
Lha terus dolanan apa? Emoh aku yen blayonan, marake kesel!
Bocah 4 :
Yen ngono, piye yen dolanan seledor?

Bocah-bocah padha sarujuk. Terus milih bocah loro sing dadi simboke. Dolanan seledor kawiwitan. Let sawetara wektu, bocah-bocah lagi gayeng dolanan, saka kadohan keprungu suwara terompet, tanda yen ana warga sing tinggal donya. Bocah-bocah mandheg dolanane. Padha nggateke suwara terompet. Ora let suwe keprungu suwara saka genthora mushola.

Suwara :
Inalillahi wa inaillaihi ra ji’un 3 X.  kapundhut dening ngarsaning gusti, simbah kito Sastro Rahardjo. Jenasah badhe kasarekake mbenjang jam 12 siang. Mugi-mugi arwahipun ditampi dening ngarsaning gusti, lan keluarga ingkang dipun tilar pikantuk kekuatan iman, amin.

Bocah-bocah padha ndomblong. Isih rada ragu-ragu, apa bener Mbah Sastro Rahardjo kuwi ya Mbah Carito? Pikiran sing kebak pitakonan kuwi mau mung katon saka praupane bocah-bocah. Ora ana ko siji sing kumecap. Suwara terompet soyo cedhak. Saka mburi layar katon wayangane wong mlaku karo nyebul trompet.

Bocah 8 :
Lik, apa bener Mbah Sastro Rahardjo kuwi ya Mbah Carito?
Suwara :
Bener, Le! Ora keliru!
Kabeh :
(mbengok rada sora, sedih campur gela) Mbah Caritoo o o o o ! ! nyuwun ngapunten Mbaaah!

Bocah-bocah padha tangisan dhewe-dhewe. Mlaku ngebaki panggung sakarepe (gawe komposisi).   

Kabeh :
Mbah Carito, kenapa njenengan cepet-cepet ninggalke kita. Mengko sapa sing arep crita. Nyritake riwayat rikala semana. Ndongeng bab kancil, kidang talun, nganti kluruke pitik cinde laras. Mbah, sapa sing arep crita bab angin, banyu, gunung lan watu. kita wis bosen Mbah! Bosen nonton tivi sing critane mung kuwi-kuwi. Kita isih butuh njenengan, Mbah. Aja lunga dhisik, kita isih padha durung becik. Kaya ngapa mengko dadine bocah-bocah sak wise kene. Sing wis kelangan carito, carita sing marake guyub karo sapadha-padha. Mbah, aja lunga Mbah!


Semarang, Tentara Pelajar, 9 Nopember 2005

 


Kentrung Mbah Carita
Dening: Catur Widya Pragolapati

Swasana Panggung:
Kaya saben adate, wayah Padhang Mbulan, tur maneh malem minggu. Bocah-bocah cilik padha dolanan nang plataran. Tembang Padhang Mbulan wis dadi tetembangan kang wajib kanggone bocah-bocah kuwi mau, yen arep padha miwiti dolanan.

            “yo pra kanca dolanan ing njaba
              padhan mbulan, padhange kaya rina
              rembulane-ne, sing awe-awe
              ngeling ake aja turu sore-sre”

Ing pereng wetan katon mbulan ndadari. Duwure kurang-luwih sanduwure wit gedhang putri sing arep mateng. Ning plataran sawijining omah gedheg sing wis ora kopen, amargo sing duwe omah wis tuwa. Ning tritis omah ana dingklik dawa sing digawe saka kayu randu. Omah gedheg katon sepi, lawange tutupan, nanging jendhelane bukakan. Bocah-bocah sapantaran padha umyek ngebaki jogan, ngarepan omah gedheg kuwi. Ngributake dolalan apa sing arep dienggo pambuka bengi kuwi.

“Dolanan jamuran wae, wis suwe ora dolanan jamuran”.

Tembung kuwi diambali makaping-kaping. Ora let suwe, bocah sapantaran kuwi mau padha gandengan gawe kalangan. Terus nembang Jamuran, gegandhengan karo mlaku mubeng:

            “jamuran ya ge-gethok
              jamur apa ya ge-gethok
              jamur gajih mbejijih
              mbejijih sa-ara-ara
              sira njaluk jamur apa”

Bocah 1   :  heh, kanca-kanca! Biasane yen rame ngene iki Mbah Carita terus metu lan sok melu urun rembug dolanan sing arep kita enggo. Nanging kenapa yo, kok durung ngetok?
Bocah 3   :  yen pancen ning omah, mesti wae terus metu. Apa wis sare ya?
Bocah 4   :  apa iya wis sare. Mosok yah mene wis sare?
Bocah 2   :  mbok menawa lagi sembahyang, yen ora lagi golek kopi ning warunge Mbok Jirah.
Bocah 5   :   mengko gek-gek, Mbah Carita seda! Terus ora ana sing ngonangi?
Bocah 6   :  sing genah omonganmu! Ora ilok bengi-bengi ngene iki ngomong kaya ngono kuwi!
Bocah 5   :   lho, kuwi rak ya mbok menawa, gek-gek!
Bocah 7   :  wis-wis dadi ora genah mengko. Ngene wae, piye yen ana sing njajal nginguk saka jendela! Niliki kahanane Mbah Carita!
Bocah 2   :  emoh aku yen kon nginguk, wedi aku yen dhewekan!
Bocah 1   :  yo wis ben dikancani iki wae (nuding Bocah 3).
Bocah 3   :  apa? Aku? Lho kok aku to?
Bocah 4   :  lha sing or percaya mau rak iya kowe to, yen mbah carita sare. Saiki bukteke yen Mbah Carita sare apa ora!
Bocah 3   :  kowe mau yo rada ora percaya yen bener-bener ora sare!
Bocah 7   :  wis grejegan maneh! Ora sida dolanan iki mengko.
Bocah 6   :  ayo ndang diputuske, selak kewengen mengko dolanane.
Kabeh      :  yo ora apa-apa, mumpung malem minggu, sesok libur sekolah wae kok.
Bocah 1   :  yen ngono, piye yen dolanan maneh? Mengko yen wis sawetara wektu Mbah Carita tetep durung ngetok, lagi bareng-bareng nggoleki Mbah Carita!
Kabeh      :  ya, sarujuk!
Bocah 3   :  terus dolanan apa? Emoh aku yen dolanan sudah-mandhah utawa bekelan!
Kabeh      :  lha kenapa to? Rak iya padha wae dolanan to kuwi?
Bocah 3   :  iya bener, nanging dolanan kuwi mung bocah siji sing main, liyane mung ndeleng ngenteni giliran. Ora bisa dolanan bareng-bareng.
Kabeh      :  Ooo . . . , kuwi to sing mbok karepke.
Bocah 1   :  yo wis ngene wae! Piye yen dolanan onthong-onthong bolong utawa betengan? 
Bocah 2,4:  betengan wae, betengan wae!
Bocah 3,5:  onthong-onthong bolong wae! Onthong-onthong bolong!
Bocah 7   :  wis grejegan maneh! Yen ana sing ngalah salah siji kenapa to?
Bocah 6   :  yen betengan emoh aku, marake kesel.
Bocah 1   :  lha terus karepmu dolanan apa? Kawit mau kowe meneng wae, ora usul apa-apa?
Bocah 6   :  yen kepingin kabeh bisa dolanan bareng, ora mung salah siji sing main, terus liyane ngenteni gilirane, ya dolanan cublak-cublak suweng wae!
Kabeh      :  nanging kowe sing dadi!
Bocah 6   :  ya emoh, ora adil kuwi jenenge. Ya hompimpah disik, sing paling kalah lagi dadi!
Bocah 1   :  piye kanca-kanca? Yen aku mung manut wae, mumpung mbulane isih ketok melok-melok.
Kabeh      :  ya wis, dolanan cublak-cublak suweng. Ayo hompimpah disik, sing paling kalah mengko sing dadi.

Bocah-bocah terus nggrumbul mubeng, padha hompimpah. Sing paling kalah keri terus pingsut. Sawetara sing menang padha golek krikil rada gedhe, kanggo gacuke cublak-cublak suweng. Dolanan kawiwitan, sing kalah njengking dikrubung kanca-kancane karo nembang:

            “cublak-cublak suweng
              suwenge ting gelenter
              mambu ketundhung gudel
              tak gempo lela-lelo
              sapa ngguyu ndhelikake
              sir, sirpong dhele kopong
              sir, sirpong dhele kopong!”

Bocah-bocah sing padha dolanan cublak-cublak suweng sanalika bubar, nalika weruh Mbah Carita teka, karo nggawa buntelan plastik sing isine kopi lan obat nyamuk. Kabeh padha sumrinthil, rebutan nggandheng.

Kabeh      :  (saut-sautan) kok dangu-dangu to Mbah, teng pundi mawon Njenengan?
Mbah’e    :  aku lagi golek kopi karo obat nyamuk ning warunge Jirah.
Bocah 2   :  lha ra iya bener aku to. Salahe mau padha ora nggateke omonganku.
Bocah 4   :  lha kok ngantos dangu to Mbah? Kanca-kanca wis ora sabar ngenteni.
Mbah’e    :  lha kuwi mau ning warung ketemu Bek Marni. Nembung yen mengko pupak-pusere anake sing lagi lair wingi, kepingin dirameke karana nanggap Kentrung.
Bocah 3   :  pupak-puser niku napa to Mbah?
Mbah’e    :  pupak-puser kuwi ana sing ngarani puput-puser, ya ana sing ngarani pupakan utawa puputan.
Bocah 3   :  lha puputan utawa pupakan niku napa, Mbah?
Mbah’e    :  bocah sing lagi wae lair mak cenger, kuwi ning wudele isih ana kaya usus dawa sing isih gandheng karo ari-ari, sing diaranrani tali puser. Usus dawa utawa tali puser kuwi mau, terus dikethok. Yen dhukun bayi ngethoke nganggo welat, yen Bidan utawa Dokter nganggo gunting. Nanging ngethoke ya ora pol mempet wudel. Antarane 5 nganti 7 dina, tali puser sing isih gandheng karo wudel, ucul utawa prothol dhewe. Kuwi sing diarani pupak. Ra iya wis padha nate untune protol dhewe to? Kuwi iya bisa diarani pupak untune.
Bocah 3   :  lha puser piyambak niku napa, Mbah?
Kabeh      :  wis to meneng disik, aja crewet kaya ngono kuwi! Mbah Carita ben njlentrehke disik!
Bocah 3   :  lho, aku ora ngerti karepe ra ya kena to, yen aku takon? Apa kowe kabeh padha mudheng apa maksude kuwi mau kabeh?
Bocah 5   :  iya bener, kabeh padha durung ngerti karepe pupakan utawa puputan. Lan apa maneh sing lagi wae mbok takoke, apa kuwi mau, puser?
Bocah 7   :  nanging yen kowe medhot tengah ndalan kaya ngono kuwi . . .
Kabeh      :  ora rampung-rampung katrangane Mbah Carita!
Mbah’e    :  ya ora dadi apa? Becike yen ora weruh kuwi ya takon! Ora kok kaya wong-wong jaman saiki, ora mudheng apa-apa wis wani crita rupa-rupa.
Kabeh      :  inggih Mbah, leres! Nanging luwih becik ra inggih mirengke katrangan rumiyin, menawi mangke wonten ingkang  mboten mudheng, nembe dipun tangkletaken.
Mbah’e    :  weh, weh, weh, wis padha pinter-pinter bocah saiki. Ya wis yen ngono simbah manut. Nanging simbah tak nggodhog jarang dhisik ya, nggo gawe kopi. Mengko yen wis rampung diterusake caturane. Wis kono padha dolanan dhisik!
Bocah 6   :  ngeten mawon Mbah! Pripun menawi ingkang nggodhog jarang salah satunggale kanca-kanca menika, teras Mbah Carita pinarak teng dhingklik, nglajengaken niku wau?
Kabeh      :  nanging sing nggodhog jarange ya kowe!
Bocah 6   :  ya emoh, ora adil kuwi jenenge. Ya hompimpah disik, terus pingsut, sing paling kalah nggodhog jarang, piye?
Mbah’e      :  wis, wis, ora susah grejegan! Simbah isih kuwat yen mung nggodhog jarang. Wis kono diterusake dolanane. Aja padha tukaran.

Mbah Carita terus jumangkah mlebu omah, ninggalke bocah-bocah sing padha pating cruwet. Atine bombong campur gumun. Ing atase jaman sing wis ora karuwan jluntrunge, isih ana bocah sing kober dolanan. Sawetara bocah-bocah isih ana ing platarane omahe Mbah Carita, padha rembugan dolanan apa maneh sing arep dilakoni, ngiras-ngirus karo ngenteni rampunge Mbah Carita nggodhog jarang. 

Bocah 2   :  terus dolanan apa maneh? Neruske cublak-cublak suweng?
Bocah 4   :  liyane wae! Ra iya isih ana dolanan liyane sing wis suwe ora tau dienggo? Kaya to, sprintol, dakonan, umpetan, cek-cek mek, benhtik, lan liya-liyane.
Bocah 3   :  oh iya, aku kelingan ngendikane Mbah Carita, yen dolanan kuwi ana telu wernane. Nanging apa wae ya aku kok lali.
Bacah 1   :  aku kelingan yen bab kuwi. Sing sepisan, dolanan ora nganggo tembang, umpamane, gobak sodor, sudhah-mandhah utawa ana sing ngarani engklek. Terus dolanan sing nganggo tembang, kaya dene sing lagi wae kita lakoni. Terus sing siji apa ya aku kok rada lali?
Bocah 7   :  dolanan sing mung tembang thok, utawa sing diarani tembang dolanan.
Kabeh      :  apa ana dolanan mung tembang-tembang thok?
Bocah 7   :  lha ra iya wis padha lali to. Kuwi lho, umpane tembang menthok-menthok, gajah-gajah, gundhul-gundhul pacul, kodhok ngorek, kidang talun, lan liya-liyane.
Kabeh      :   iya, ya, tembang-tembang dolanan kuwi wis suwe ora ditembangke.
Bocah 7   :  lha piye, yen nembang kodhok ngorek wae, karo ngenteni Mbah Carita ngrampungke nggodhog jarange?

Tanpa tembung sarujuk, bocah-bocah bebarengan nembang Kodhok ngorek:

            “kodhok ngorek, kodhok ngorek
              ngorek pinggir kali,
              theot, theblung, theot, theblung
              theot-theot, theblung.
                        jangkrik ngerik, jangkrik ngerik
                        ngerik ning suketan, 
                        krik-krik, krik-krik, krik-krik, krik-krik
                        krik-krik, krik-krik, krik-krik.
              manuk ngoceh, manuk ngoceh
              ngoceh ning wit-witan
              cicit-cuwit, cicit-cuwit
              cicit, cicit-cuwit”

Let sawetara wektu, Mbah Carita metu saka omahe, karo nggawa cangkir wadhah wedang kopi.

Mbah’e    :  lha yen ngono ra iya becik to. Ketok yen padha rukun lan guyub marang sabrayan. Wis saiki arep takon apa karo simbah, tak ladeni nganti esok simbah ya wani.
Bocah 6   :  wah yen nganti esok kula sing mboten wani mbah.
Bocah 5  :  mbah Carita enak, ngopi karo jedhal-jedhul, puuus, mbako linthingan. Lha kene iki klikikan, wetenge ora gelem diajak rembugan.
Mbah’e    :  lha yen gelem ya kana, ning ndhadah ana tela rambat! Didhugiri, terus mengko digodhog utawa dibakar. Yen mung nggo ganjel-ganjel weteng ya cukup yen mung bocah semene!
Bocah 6   :  yen bab niki mboten usah pingsut, Mbah. Kula badhe bidhal piyambak (terus klepat lunga menyang ndhadah/metu saka panggung, ngajak Bocah 5).
Mbah’e    :  karan putune akeh, ya werna-werna polahe. Ya wis paringana sabar anggone momong putu, ben awet urip. Hmm, tekan ngendi mau caturane?
Kabeh      :  dugi pupakan utawi puputan, Mbah.
Mbah’e    :  oiya, simbah kelingan, mau ana sing takon puser kuwi apa. Puser utawa ana sing ngarani punjer, ya kena diarani samubarang sing panggonane bener-bener ning tengah. punjere manungsa ya kuwi wudel.
Bocah 4   :  lha kok Bek Marni kepingin dirameke nanggap . . ., napa wau Mbah, trung . . . , trung . . .
Kabeh      : kencrung!
Mbah’e    :  kentrung! Dudu kencrung!
Bocah 2   :  sing gawene nggo mbarang teng bangjo nggih Mbah? Sing unine crung . .! crung  . .! crung . . ! niku naminipun kencrung mbah! Sanes kentrung!
Mbah’e    :   simbah ngerti. Kentrung karo kencrung kuwi beda. Pancen bener, sing gawene nggo mbarang bocah-bocah sak pantaranmu nang bangjo, kae kuwi ana singarani kencrung.
Kabeh      :  lha menawi kentrung menika napa, Mbah?
Mbah’e    :  pancen kesenian tradisi sing siji iki uwis langka. Uwis suwe banget wong-wong padha nglaleke, padha ninggalake.
Kabeh      :  Ooo . . . , bangsane kesenian to.
Mbah’e    :  bener! Wektu jamane bapake simbah isih sugeng, kesenian tradisi sing jenenge kentrung kuwi saben ana wong duwe gawe, mbuh kuwi puputan, selapan, utawa sunatan, bisa dipesteke nangap kentrung. Nanging saiki mbuh kenapa kok wis padha ninggalake?
Bocah 3   :  sekedap rumiyin  mbah! Kula sakanca dereng mudheng napa kentrung niku? Kesenian tradisi ingkang kados menapa to mbah?
Kabeh      :  weleeeh, iki meneh, medhot meneh!
Bocah 3   :  jal, saiki aku tak takon, sapa sing mudheng bab kentrung? Ayo sapa? Kowe (karo nudhing Bocah 2, Bocah 2 terus gedheg), kowe ya wis mudheng (nudhing Bocah 4, Bocah 4 ya gedheg). Lha iya, padha durung mudheng kabeh, sok dha keminter. Kuwi jenenge sawo dipangan uler!
Mbah’e    :  apa kuwi?
Bocah 3   :  cah bodho ngaku pinter.
Kabeh      :  weleeeh, padune arep parikan wae nganggo nesu barang.
Mbah’e    :  iya bener, kentrung kuwi kebak parikan. Dadi wong sing mainke kentrung kuwi kudu bisa crita,ya bisa parikan.
Bocah 1   :  lha yen kuwi aku rada kelingan. Jarene pak guru kesenian, kentrung kuwi meh padha kaya wong crita. Sok-sokan ndongenge karo nembang utawa parikan.
Kabeh     :  Ooo, kuwi to!
Bocah 3   :  kuwi apa!?
Kabeh      : sawo dipangan asu, wong bodho nesu-nesu. (terus padha ngguyu).
Mbah’e    :  weh, weh, weh. Jebul padha pinter parikan to? Rong wulan ora nate setoran.
Bocah 5   :  (mlebu panggung, bareng Bocah 6, karo nggawa tela bakar) wah angel kuwi. Yen kuwi mau urusane wong tuwa. Lajeng pripun mbah?
Mbah’e    :  Mumpung isih padhang mbulan, ayo padha parikan.
Bocah 1   :  mbah carita, pripun menawi mbah carita ndongeng, nanging kalihan parikan?
Bocah 6   :  ngene wae, mbah carita sepisan , bocah-bocah parikane ya sepisan!
Bocah 4   :  lha bocah-bocah bareng apa siji-siji?
Bocah 5   :  lha yen bocah-bocah siji-genten, mbah carita ya cepet semaput.
Bocah 7   :  apa ngene wae, ben rada dawa, saben bocah siji, klebu mbah carita, piye?
Mbah’e    :  oiya, simbah lagi kelingan. Rikala semana bapake simbah kuwi tukang kentrung. Ngene wae, ben kowe-kowe kabeh kaya ngapa to kesenian kentrung kuwi, simbah direwangi nggawa pirantine. Ketoke isih disimpen ning njero lemari. Ayo, ayo, simbah direwangi!

Ora ana sing ngaba, bocah-bocah cancut tali wanda. Kemruyuk, padha mlebu omahe mbah Carita saperlu njupuk piranti kanggo kentrungan. Ora let suwe, wis padha metu saka omahe Mbah Carita karo nggawa piranti kentrung. Karan bocah, nggawa ya karo tetabuhan sakarepe dhewe.

Bocah 6   :  dados, mbah carita nggih saget main kentrung, to?
Kabeh      :  pantes, pinter dongeng lan parikan.
Mbah’e    :  sing bisa main kentrung kuwi mbah buyut, ya bapakku. Nanging rikala semana simbah kadhang kala, ya melu dadi panjake. Melu-melu ngrewangi nabuh.
Bocah 7   : lha pripun yen samenika mbah carita ndongeng kalihan dipun tabuhi?
Bocah 1   :  yen jenenge dalang kentrung kuwi, saliyane crita ya nabuh barang, ngoten to mbah?
Mbah’e    : iya bener. Ya kuwi mau, critane dileboni parikan, sok dhong ya dilagoke.
Bocah 5   :  ah, kesuwen mbah, lik ndang diwiwiti.
Mbah’e    :  ya tak njajal, idep-idep gladhi nggo mengko puputane anake bek Marni.

Mbah carita terus nata piranti sing kanggo main kentrung. Let sawetara wektu, miwiti nabuh, terus nembangke parikane Dalang kentrung kondhang saka desa saendangayam Blora, Mbah Sutrisna.
 
            “pasar Blora, Mas, pasare gedhe,
              sesuk akeh sing bakul tempe,
              mangke malih didugekake,
              premisi leren, Mas, badhe ngombe.
                        Kembang duren, jambune klampok,
                        Premisi leren, Mas, badhe ngrokok”.

Kabeh      :  lho mbah, nembe diwiwiti kok sampun nyuwun leren?
Mbha’e    :  iki mau lagi njajal. Lan uga simbah ya isih mikir-mikir, crita apa sing patut nggo puputan mengko.
Bocah 3   :  timun mas, mbah!
Bocah 2   :  jaka tarub!
Bocah 5   :  ande-ande lumut, mawon!
Bocah 4   :  roro jonggrang!
Bocah 7   :  malin kundang!
Bocah 1   :  abunawas!
Bocah 6   :  jaka bodho!
Mbah’e    :  banget akehe babagan dongeng, simbah malah sangsaya bingung.
Bocah 5   : ngeten mawon mbah, anake bek marni niku lanang napa wedok. Nek lanang ya didongengke bab cah-cah lanang, nek wedok ya didongengke sing wedok-wedok. Ngoten mawon gampang.
Bocah 3   :  lho, dongeng kuwi ya ana sing lanang, ana sing wedok, to?
Bocah 6   :  kowe kuwi lho, mesti nganeh-nganehi. Ora dongenge ya, nanging lakon sing ning njero dongenge. Nek roro jonggrang, lakone kuwi wedok. Nek bandung bandawasa kuwi lakone lanang.
Mbah’e    :  ya, apik kuwi. Anake bek marni lanang, dulure wedok kabeh, pase lakon apa?
Bocah 6   : jaka bodho, pas banget kuwi.
Bocah 4   :  mengko bayine yen dadi bodho tenan, mbah carita sing kena.
Bocah 2   :  jaka tarub nawang wulan mawon, mbah!
Bocah 7   :  ampun mbah, mengko ndhak gawene nginjeni wong adus.
Bocah 1   :  ya ora terus ngono to. Iki ra iya mung crita.
Mbah’e    :  ya, kuwi wae ya sing gampang. Kowe-kowe kabeh ra iya isih padha kelingan critane to?
Kabeh      :  mboten mung kelingan mbah, apal nganti nglothok kados ace.
Mbah’e    :  mengko yen simbah lali dielingake ya!
Kabeh      :  beres, mbah!

Mbah carita terus nabuh piranti kentrunge, durung nganti miwiti critane, mandheg maneh.

Kabeh      :  wonten napa mbah kok mandheg malih, lutung nganggo popok, sing ngentrung njaluk rokok? Napa lutung ngango topi, sing ngentrung njaluk kopi?
Mbah’e    :  (mesem) ora! lutung ora duwe susuh, sing ngentrung  njaluk direwangi nabuh.
Bocah 3   :  lha mangke menawi pas main teng nggene bek marni, nggih melu main mbah?
Mbah’e    :  iya, saora-orane yen simbah lali critane, ana sing mbisiki ska mburi.
Bocah 2   : emoh aku ora wani.
Bocah 4   :  aku ya emoh, isin dideleng wong akeh.
Bocah 5   :  lho, kok padha emoh to? Enak lho, mengko disoting, mlebu tipi.
Bocah  6  :  lan maneh, mengko mesti akeh jajan sing enak-enak.
Bocah 1   :  kowe kuwi lho, kawit mau weteng wae sing diurusi.
Bocah 7   :  ngene wae, kabeh padha ngrewangi mbah carita. Bab nabuh mengko yen kesel bisa gentenan. Luwih adil to yen ngono, piye?
Kabeh      :  ya, yen ngono sarujuk! Mangga mbah kentrunge dibukak!

Bocah sapantaran kuwi mau terus lungguh sakiwa-tengene mbah carita. Ana sing nyekel piranti kentrung, ana sing mung lungguhan. Bareng wis padha siaga kabeh, bocah-bocah sing padha ngadhepi piranti kentrung, diwarahi carane nabuh. Dirasa wis cukup rancak, mbah carita miwiti ngentunge.

 Mbah’e    :  kocap kacarita, ana sawijining desa arane desa tarub. Ning pinggire desa ana randha sing duwe anak lanang siji. Kaya saben adate wong jawa, amarga omahe ning desa tarub, bocah lanang siji kuwi mau, bareng wis gedhe, karanan jaka tarub.
Bocah 5   :  yen jaman saiki diundang cowok tarub.
Bocah 6   :  yen wedok, cewek tarub.
Mbah’e    :  teruse piye, simbah lali!
Bocah 1   :  jaka tarub lunga alas bedhag kewan.
Mbah’e    :  iya bener, ing wayah esuk umun-umun, jaka tarub menyang alas saperlu bebedhag. Nganti wayah awan, ora ana siji-sijia kewan kang sumliwer. Jaka tarub kesel, terus ngaso, terus piye?
Bocah 3   : waduh mbah, piya-piye terus nggih mboten rampung-rampung critane.
Bocah 7   :  ngene wae, urut-urutan critane dibagi. Mbah carita bagian sing lelagonan karo parikan wae. Sing nyritake lelakone jaka tarub, kanca-kanca.
Bocah 4   :  yen ngono, aku sing babagan widodari lagi adus, nganti jaka tarub nyolong slendhange nawang wulan.
Bocah 2   :  aku jaka tarub sing ngajak nawang wulan dipek bojone nganti jaka tarub mbukak kukusan Bocah 1   :  nawang wulan ngonangi slendange, nganti nawang wulan pamit balik ning kayangan, bagianku.
Bocah 5   :  aku sing bagian jaka tarub lagi nginjen widodari sing padha adus ning tlaga wae.
Bocah 6   :  enak tenan bagianmu.
Bocah 7   :  dados ngoten mawon mbah, kersanipun mbah carita mboten kabotan, ngeling-eling critane. Lha teng nggene sela-selane bagian njenengan sanget nyelani parikan utawi tembang.
Mbah’e    :  wah, yen ngono kethuthuk ora mumet, mathuk nganggo banget. Yo, diambali maneh!

Mbah carita miwiti nabuh piranti kentrunge maneh, kairingan para panjak sing diandahi bocah-bocah. Bareng dirasa wis rada sampurna tetabuhane/rancak, mbah carita miwiti lelagonan sawijning parikan pambuka:

            “ . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
              . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
            . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . “

Bocah 7   :  kocap kacarita, ning sawijining desa sing adoh saka mbengengenge swara montor lan keluke mesin-mesin pabrik, sing marakae dhadha sesek. Ana satunggale desa sing arane desa tarub. Bocah 3   :  Ning pinggire desa ana sawijing omah, dienggoni randha sing duwe anak lanang siji. Kaya saben adate wong jawa, amarga omahe ning desa tarub, bocah lanang siji kuwi mau, bareng wis gedhe, karanan jaka tarub.
Mbah’e    :  mangan kulub pancen kaya wedhus, jaka tarub pancen bocah bagus. Wedhus ngono pancen ora tau adus, ya mesti wae ambune prengus. Jaka tarub pancen bocah bagus, ya mesti wae . . .
Kabeh      :  ora usah adus!
Bocah 6   :  ing wayah esuk umun-umun, jaka tarub menyang alas saperlu bebedhag. Nganti wayah awan, ora ana siji-sijia kewan kang sumliwer. Bakul bakso utawa dawet ayu ya ora ana sing liwat. Jaka tarub kesel, terus ngaso.
Bocah 5   :  nembe enak-enakan leda-lede, jaka tarub krungu ana swara cewek-cewek sing lagi padha ngrumpi. Jebule ning tengah alas kono ana tlaga. Cewek-cewek kuwi mau ora liya ya para widodari sing lagi adus. Asyik, nginjen ah.
Kabeh      :  (nembang kaya suporter bal-balan) ole . . . ole . . . ole . . . ole! Ole . . , oya! Ole . . . ole . . . ole . . . oya! Bagus, bagus, lha kok nginjenan.   
Bocah 1   :  nanging ora gelem diarani nginjen, Jaka Tarub ora njarak.  Ora let suwe, mripate jaka tarub, meruhi satumpuk slendang sing ora adoh saka pinggir tlaga. Ujug-ujug duwe kepinginan njupuk salah sijine slendang sing tumpukan kuwi mau. Sedulur-sedulur, ayo padha mentas, bali ning khayangan, yen kewengen mengko didukani Ibu. Mengkono pengajake salah sijine widodari. Terus kabeh padha mentas, nganggo sandangane lan slendange dhewe-dhewe. Mung Dewi Nawang Wulan kebingungan. Amargo slendange ora ana, alias ilang.
Bocah 2   :  mbah carita, yen mung crita thok kurang gayeng. Pripun menawi dipun paringi kados sandiwara utawi drama, utawi kethoprak-kethoprakan, kangge selingan mawon, kersane mboten bosen.
Bocah 4   :  kaya wektu agustusan tahun wingi karepmu?
Bocah 2   :  iya, bener. Lan uga wektu ana KKN ning desa kene,  ra iya nate diajari drama karo Mbak-mbake KKN to.
Bocah 7   : weh iya, mathuk kuwi. Yen ngono ana sing dadi Jaka Tarub, dadi nawang wulan, widodari, mbok randha.
Bocah 1   :  lha yen ngono, sapa sing kepingin dadi Jaka Tarub, Nawang Wulan, lan liya-liyane.
Bocah 5   : aku dadi jaka tarub.
Bocah 6   :  nanging wis ora ana nginjen-nginjenan lho. Critane wis tekan jaka tarub rampung njupuk slendange nawang wulan.
Bocah 5   :  lho, kuwi sing paling seru
Bocah 3   :  aku ya gelem dadi jaka tarub.
Bocah 2   :  aku nawang wulan.
Bocah 1   :  aku ya kepingin dadi nawang wulan.
Bocah 7   :  terus sing dadi mbok randha sapa.
Bocah 4   :  aku emoh.
Bocah 2   :  aku emoh.
Bocah 6   :  aku ya emoh.
Bocah 7   :  lha kok padha emoh kabeh, lha terus sing dadi sapa.
Kabeh      :  ya mung kowe dhewe.
Bocah 7   :  urikan kuwi jenenge. ya wis yen ngono, saiki yo diwiwiti wae selak mbengi.
Bocah 5   :  lho, durung ditentoke sapa sing dadi jaka tarub kok.
Bocah 2   :  sing dadi nawang wulan ya durung.
Bocah 7   :  ya pingsut sing paling gampang tur cepet. Sing menang dadi.
Bocah 1   :  (bareng wis pingsut) aku menang.
Bocah 5   :  aku ya menang.
Bocah 7   :  terus saiki sing liyane dadi wododari. Mangga mbah diwiwiti.
Mbah’e    :  para widodari lagi padha medhun saka kayangan, adus ning tlaga.
Bocah 7   :  Bocah-bocah sing dadi widodari sanalika tata-tata, padha ribet golek slendhang, terus ditaleke ning wetenge.

Bareng wis siaga kabeh, padha mragake (nggambarke) widodari lagi nari-nari, medhun saka khayangan. Terus ucul-ucul nyopot slendhang, njegur tlaga, nggambarke wonga adus. Jaka tarub mlebu mindhik-mindhik, njupuk slendhang, terus ngumpet.

Bocah 6   :  Sedulur-sedulur, ayo padha mentas, bali ning khayangan, yen kewengen mengko didukani Ibu.
Mbah’e    :  Para wododari padha mentas, golek slendhange dhewe-dhewe. Mung Dewi Nawang Wulan sing kebingungan. Amargo slendhange ora ana, alias ilang.
Bocah 1   :  mbak yu, slendhangku ora ana, adhuh kepriye iki, sapa sing njupuk.
Bocah 3   :  ilang! Sing genah, ayo digoleki.
Bocah 4   :  lha mau mbok dokok ning endi.
Bocah 1   :  mau ya ning kene, tak dadeke siji karo slendhange mbak yu.
Mbah’e    :  para widodari padha umyek, goleki slendhange Nawang Wulan, nanging ora ketemu.
Bocah 6   :  sedulur-sedulur, ayo ndang bali, selak kewengen.
Bocah 2   :  sepurane wae nawang wulan, kepeksa sedulur-sedulur kabeh ninggalke kowe.
Bocah 1   :  lha trus nasibku piye.
Mbah’e    :  para widodari padha bali ning khayangan. Mung nawang wulan sing ora bisa bali.
Bocah 1   :  waduh piye iki, duh dewa, kula wedi dhewekan teng alas ngriki. Kula nyuwun tulung dewa, paringana selamet, tebih saking godane sato kewan galak.
Bocah 5   :  aja wedi bocah ayu, ora usah wedi, tak kancani.  Ngapa kowe ning kene dhewekan.
Mbah’e    :  bothok klapa diiseni teri, ethok-ethok ora ngerti.
Bocah 5   :  aku melu prihatin marang nasibmu. Yen gelem ayo melu aku wae, tak jak ning omahku, urip bareng karo aku lan si Mbokku.
Bocah 1   :  sapa kowe, lan ngendi omahmu.
Bocah 5   :  mengko yen wis tekan omah tak critani, sapa aku.
Mbah’e    : kepeksa nawang wulan melu jaka tarub bali ning omahe. Bareng tekan omah . . .
Bocah 7   :  heh, jaka tarub, sapa kuwi bocah wadon sing mbok jak. Jare lunga alas golek kewan kok malah entuk pelempuan.
Bocah 1   :  kakang, aku wedi, ayo bali wae ning alas, si Mbokmu galak.
Bocah 5   :  ora usah wedi, pancen ngono kuwi si mbokku. Ketoke galak nanging apikan. Iki jenenge nawang wulan mbok.
Bocah 7   :  apik tenan jenengmu, ayu rupamu, apa gelem kowe tak pek mantu.
Bocah 5   :  lha ra iya tenan to, apikan simbokku.
Bocah 6   :  kocap kacarita, sawetara aku nggenteni mbah carita! Suwene-suwe, jaka tarub karo nawang wulan duwe anak, sing dijenengke nawngsih.
Bocah 4   :  cekak carita, ing sawijing dina, nalika nawang wulan arep umbah-umbah ning kali.
Bocah 1   :   kakang, aku arep ngumbahi ning kali. Aku lagi adang, tulung mengko dientas yen wis mateng. Nanging aku pesen, aja mbok bukak-bukak sadurunge dientas.
Mbah’e    :  nawang wulan terus budhal menyang kali, saperlu ngumbahi sandhangane anake, bojone, lan simboke. Ning pikirane jaka tarub kebak pitakonan.
Bocah 7   :  ana apa nawang wulan kok pesen ngono. Jaka tarub ora sranta, karo midhik-mindhik, kukusan dibukak. Lha dalah bojleng-bojleng.
Bocah 2   :  mbukak kukusan isine mung beras sak ler. Sanalika awake jaka tarub lemes.
Bocah 5   :  dadi, seprana-seprene nawang wulan yen adang mung beras sak. Pantes pari sing ning lumbung kae, ora entek-entek.
Bocah 6   :  bareng wis tekan omah, sak rampunge dewi nawang wulan ngumbahi ning kali, takon karo bojone, ap wis mateng segane. Jaka tarub ora njawab, mung ndhingkluk, amargo rumangsa salah ora manut apa sing dipesenke bojone.
Bocah 4   :  nawang wulan ora sranta, mak jrantal mlayu menyang pawon.
Bocah 3   :  bareng wis tekan pawon, mbukak tutup dandang, jebul isine mung beras mung sak ler. Sanalika nawang wulan lemes awake, terus marani bojone.
Mbah’e    :  purwadadi kuthane, sing dadi nyatane, salahe ora nggateke pesene bojone.
Bocah 6   :  pasar Blora, Mas, pasare gedhe, sesuk akeh sing bakul tempe, mangke malih didugekake, premisi leren, Mas, badhe ngombe. Mbah ngelak, tak mimik riyin.
Bocah 5   :  kawit mau aku ya wis ngelih, mbakar tela meneh yo.
Kabeh      :  wis, kompak bocah loro kuwi yen ngomongke bab weteng.

Bocah 6 terus ngombe, disusul kanca liyane, ya padha melu-melu ngombe. Bocah 5 arep mlebu nang pawon, saperlu mbakar tela, dipenggak kanca-kancane.

Kabeh      :  lho, kowe arep ning ngendi?
Bocah 5   :  mau aku rak iya wis ngomong yen aku ngelih, to. Arep mbakar tela disik.
Kabeh      :  lha terus sing nggenteni dadi jaka tarub sapa.
Bocah 5   :  ya mbuh kono dirembug.
Bocah 3   :  kari mung sedela wae kok.
Bocah 4   : sedela maneh ra iya rampung to.
Bocah 2   :  ayo to, selak kewengen mengko.
Bocah 5   :  aku ngelih tenan iki.
Bocah 7   :  wah wis ora isa kompak iki. Yen ngono aku tak bali wae ya.
Kabeh      :  lho piye to iki, malah padha ora nggenah.
Bocah 1   :  lha iya mung kari sedela maneh wis rampung wae kok.
Bocah 7   : lha kuwi to, ana ngelih-ngelihan barang.
Bocah 6   :  lho pancen ya ngelih kok. Aku dewe ya ngelih.
Bocah 7   :  ya wis to, aku ya bali yen ngono.

Bocah 7 terus bali. Bocah-bocah liyane padha nyalahke Bocah 5 lan Bocah 6. nanging bocah sakloron ora gelem disalahake amargo pancen ngelih tenan. Nuwuhke padudonan, antarane Bocah 5, Bocah 6, karo kanca-kanca liyane. Padudonane bocah sapantaran kuwi mau saya ngadoh saka papan pangonane Mbah Carita (metu saka panggung). Ning mburi panggung isih keprungu swarane bocah padudonan, saya suwe saya alon. Saya adoh kaya keterak angin dalu. Mbah Carita mung mesem, karo gedheg-gedheg, nanging atine bombong.

Mbah’e    :  karan bocah, arep dikapake. Sesok ra iya rukun maneh.
      “pasar Blora, Mas, pasare gedhe,
        sesuk akeh sing bakul tempe,
        mangke malih didugekake,
        premisi leren, Mas, badhe ngombe.
                   Kembang duren, jambune klampok,
                   Premisi leren, Mas, badhe ngrokok”.

                                    -   S A M P U N   R U M Y I N   -


Bumi Ngijo, Gunungpati, Semarang; 28 Nopember 2007.


-WEDI DISUNATI-
(dening: Catur Widya Pragolapati)

BAGIAN WIWITAN.

            Ing taman kutha. Ardi katon ora jenak. Pancen bener, dheke lagi ngenteni kancane, Okta. Sore kuwi kangsenan ketemu nang taman kuwi mau. Saperlu arep latihan bal-balan. Let sawetara wektu, Okta katon ketebang-ketebang, saka kadohan.
                                     
Ardi     :  huuuh, suwe banget, to. Yen ngerti molor ngene iki, mau mampir nang pasar sik wae ya.  Bisa tuku es dhawet.
Okta    :  he, Ar, sori, aku rada telat.
Ardi     :  wis ra rada telat maneh. Ning kesuwen. Mampir nang ndi wae, to?
Okta    :  ya, ngapurane wae. Telatku ra sengaja.
Ardi     :  terus, alasanmu apa?
Okta    :  ngene, Ar. Tekaku rada telat, merga ana perkara, sing ora disengaja. Mula aku telat.
Ardi     :  wis to, ra sah mbulet. To the poin wae, njujug nang perkarane.
Okta    :  ngko kowe kaget?
Ardi     :  lho, kuwi ra iya perkaramu to? Kenapa aku kudu sing kaget.
Okta    :  ya wis yen ngono. Ngene critane, Ar. Nalika aku mangkat rene mau, nang tengah dalan, mobilku nabrak wong nyabrang.
Ardi     :  ha, trus wonge sing ditabrak?
Okta    :  nyante wae, nyante. Ra sah kaya ngono. Jare ra kaget?
Ardi     :  iya . . . iya . . . terus piye nasibe wong sing ketabrak mobilmu kuwi mau? Tatu biasa, mung kesleo, apa matek!
Okta    :  ya wis!
Ardi     :  ya wis piye, to?
Okta    :  ya wis kuwi mau. Pak Umar, sopirku langsung nggawa nang rumah sakit.
Ardi     :  maksudku, piye mulabukane kok isa, ana kedadeyan kaya ngono?
Okta    :  mulabukane? Apa to kuwi?
Ardi     :  mulabukane tegese, kawitane kedadeyan nganti tumekane rampung.
Okta    :  O . . . kuwi. Aku ra pati’a mudheng.
Ardi     :  lho, piye to? Kowe ra iya lungguh nang ngarep, to?
Okta    :  iya bener. Ning ngerti-ngerti mak bres! Cit . . . cit . . . cit, Pak Umar midhak pidhal rem. Mak gluntung, wong sing nyabrang, ngglethak nang aspal.
Ardi     :  lha terus, kowe kok isa tekan kene, mau numpak apa?
Okta    :  ya kepeksa, aku numpak angkot. Mulane aku rada telat.
Ardi     :  lho, ra numpak taxi to. Lagi bokek ya? Ha . . . ha . . . ha . . .
Okta    :  ra lucu, ah. Dina iki ra sah latihan wae, ya Ar! Gek aras-arasen ki aku.
Ardi     :  bos, kowe ki ra gek aras-arasen. Ning gek sok. Merga kowe lagi wae ketiban prahara.
Okta    :  ya’e ngono, Ar.
Ardi     : ya wis yen ngono. Piye saiki yen mlaku-mlaku nang mall. Ngiras-ngirus represing.
Okta    :  ah, mbuwang-mbuwang wektu, lan marake boros.
Ardi     :  jenenenge wae golek hiburan.
Okta    :  piye yen kowe tak jak nang rumah sakit, gelem ra?
Ardi     :  ah, ora, ora wae. Aku tak balik wae yen ngono.
Okta    :  lha kenapa to, Ar?
Ardi     :  pokoke ora. Ya wis bos, aku balik sik.

Ardi nlonyor wae. Lunga ninggalke kancane, Okta. Sawetara Okta bingung, ana apa jane, ujug-ujug kanca kenthele mak prut, ninggalke tanpa alasan sing cetha.

BAGIAN TENGAHAN.

            Nang plataran sekolah. Wayah ngaso kapindho. Nang pojokan plataran, ana wit trembesi gedhe. Akeh murid-murid padha lungguhan nang ngisore. Ngiyub sinambi cecaturan ngalor-ngidul. Ana wae sing diomongke.

Doni     :  Okta, kenapa to, wingi sore kok ra teka latihan bal-balan?
Rani     :  akeh lho, sing teka nonton latihan, padha gela. Biasa kesebelasan kesayangane arep tanding. Ya, lumrah yen padha menehi semangat.
Mona   :  Ardi ya ra ketok nang latihan. Telung dina neh, pertandingan lho. Jal piye ngko yen kalah.
Rani     :  yen kesebelasan “Gatot Kaca”, aku percaya. Ora tendhas tapakpalune pande. Mesti wae, musuhe diidak-idak.
Doni     :  rung mesti, Ran. Bal kuwi bunder lho, aja lali.
Mona   :  lha yen bale kothak, ya rekasa olehe nyadhuk to, Don.
Doni     :  ya ra ngono, to. Jal dieling-eling? Nalika kesebelasan Indonesia, musuh Malaysia. Bocah ra ngerti bal wae, bakal nebak, menang Indonesia. Ning apa nyatane?
Okta    :  merga bale bunder, ora kothak kaya sing dikarepke Mona.
Rani     :  yen kothak menang Indonesia? Ngono sing dikarepke Mona?
Okta    :  yen kothak, ya ra dimainke. Jenene wae mlebu kothak . . . ha . . . ha . . .
Mona   :  kit mau, Ardi kok rung ketok, to? Nang ndi cah iki?
Kabeh  :  kangen ya . . . gek wae ra ketemu sesore . . . ha . . . ha . . .
Mona   :  ra lucu, ah!
Kabeh  :  yen ra lucu, diguyu wewe . . . hi . . . hi . . . kaya wewe!
Doni     :  hop, setop! Delengen kae. Sapa sing mlaku glelang-gleleng. Ketoke arep nyedhak rene.
Rani     :  sapa neh to, yen ra sing dienten-enteni kit mau!
Mona   :  pisan neh, tak jiwit lho, Ran!
Okta    :  oiya, kanca-kanca. Wingi sore kuwi, aku lan Ardi ra isa teka latihan, mergo mobilku bar nabrak wong.
Kabeh  :  trus piye?
Okta    :  weleh . . . weleh . . . kok persis Ardi to. Biasa wae ngono lho. Wingi sore, Ardi tak critani, ya persis plek kaya ngono.
Kabeh  :  persis piye, to?
Okta    :  ya persis plek kaya ngono kuwi mau. Sok kaget!
Doni     :  piye, piye . . . critane piye, kok mobilmu bisa nabrak wong? Apa supirmu lagi ajaran, apa piye?
Rani     :  jenenge wae lagi apes. Supir pintera kaya apa, yen lagi apes, ya mak bres!
Okta    :  ning, ga bab supirku lan mobilku sing nabrak wong, sing arep tak critakke.
Kabeh  :  lha trus, apa?
Okta    :  Ardi. Ya, bab Ardi.
Kabeh  :  kok Ardi! Ncene ana apa, Ardi?
Okta    :  ngene critane. Sa’bare aku crita nang Ardi, bab mobilku bar nabrak wong . . . trus Ardi tak jak nang rumah sakit.
Kabeh  :  Ardi gelem?
Okta    :  emoh. Dhe’e nlonyor wae, pamit balik.
Kabeh  :  ha . . . ha . . .
Okta    :  lho, kok padha ngguyu, to? Ana apa to, jane?
Dino     :  sapa sing arep crita!? Aku, Rani, apa Mona?
Rani     :  Mona wae! Sing luwih ngerti. Mudheng sajero-jerone bab Ardi.
Mona   :  ngono kuwi senenge. Padha makake kanca. Jan-jane ya wis padha mudheng kabeh lho. Kok kudu aku, to.
Rani     :  ya wis, yen Mona isin, kowe wae, Don! Kan padha lanange.
Okta    :  mubeng kaya gangsingan. Kapan critane?
Doni     :  ngene, Ta. Jek kelingan ra, wektu dhewe nggawe prakarya, bareng cah telu. Aku, kowe, lan Ardi.
Okta    :  nggawe sing apa? Kapal-kapalan saka pring, omah-omahan saka gabus, apa . . .
Doni     :  kae lho, sing digawe bareng-bareng nang omahe Ardi. Sing saka triplek, digambari trus dicukil-cukil nggo kater apa pemes . . .
Okta    :  O . . . kuwi cetakan apa . . , ngono jenenge.
Kabeh  :  O . . . iya, cetak dalam, jenenge!
Doni     :  lha ya kuwi. Jek kelingan ra, wektu kuwi aku kepenges drijiku sing kiwa?
Okta    :  ya . . . ya . . . kelingan aku. Trus apa hubungane karo Ardi, sing ra gelem tak jak nang rumah sakit?
Doni     :  ngene, Ta . . . nalika kuwi, kowe ra iya njaluk tulung karo Ardi, kon njupukke betadin?
Okta    :  ya bener, trus!?
Doni     :  apa jawabe, Ardi? Jek kelingan, ra?
Okta    :  sik . . sik . . . tak eling-elinge. O  . . . iya, Ardi mlayu klepat, karo ngomong, “sik Ta,
Tak takon Pak Umar, supirku!”. Ning dienten-enteni, dhe’e ra balik-balik.
Doni     :  trus bar ngomong ngono?
Okta    :  aku tak njajan sik ya, titip jajan apa?
Doni     :  lha iya . . . kancane kecelakakan, tur kedadeyane nang omahe, kok malah ra ndang ditulungi, alasane njajan sik!
Okta    :  iya . . . iya . . . kelingan aku. Wektu kuwi aku ya melu gugup lan nesu.
Doni     :  mbok ya ngomong, betadine jupuk dhewe nang ndi, ngono.
Okta    :  iya . . . iya . . . kelingan aku. Trus apa hubungane karo Ardi, sing ra gelem tak jak nang rumah sakit?
Rani     :  mosok, rung mudheng-mudheng to, Ta!?
Okta    :  jek rung mudheng, aku. Critane Doni, jek rung palit dinggo data.
Mona   :  saiki aku tak takok. Kenapa Ardi malah nglungani, nalika Doni kepenges? Hayo, kira-kira kenapa, Ta?
Okta    :  weleh, kok malah dadi kon mikir to, aku. Sik . . . sik . . . sik . . apa mergo Ardi wedi weruh getih?
Kabeh  :  ora keliru!
Okta    : O . . o . . iya, kelingan aku, wektu pas latihan bal-balan. Bathukku suwek, wektu nyundhul bal, kebablasen nabrak gawang.
Doni     : Ardi trus mlayu metu lapangan, cepet-cepet salin, trus balik tanpa pamit! Iya to!?
Okta    :  kok bisa ngono, ya . . ?
Doni     :  lha ya kuwi, sebab-musababe knapa Ardi, ra gelem mbok jak nang rumah sakit!
Okta    :  O . . o . . gek mudheng, aku.
Kabeh  :  mulane, nganti klas 3 SMP, rung wani disunati!
Okta    :  O . . o . . ngono to, critane.
Kabeh  :  ssst . . . bocahe wis meh cedhak!

Ora let suwe, Ardi teka. Nggabung kanca-kancane, sing gek lungguhan nang ngisor wit Trembesi.

Ardi     :  weleh . . weleh . . dha ngumpul nang kene to, ki mau. Mulane tak goleki nang kantin dha ra ketok gundhule. Dha gek ra duwe sangu ya?
Rani     :  pelem kuweni, pelem manalagi. Sing dienten-enteni, ra ng, sing gek lungguhan nang ngisor wit Trembesi.

Ardi     :  weleh . . weleh . . dha ngumpul nang kene to, ki mau. Mulane tak goleki nang kantin dha ra ketok gundhule. Dha gek ra duwe sangu ya?
Rani     :  pelem kuweni, pelem manalagi. Sing dienten-enteni, ra ngrumangsani.
Mona   : apa mudheng parikan kaya ngono kuwi, dhe’e?
Ardi     :  parikan apa, to?
Kabeh  :  lha, ra ya tenan to.
Rani     :  Ar, kit mau, kowe ki dienteni, ning ra rumangsa yen dienteni.
Ardi     :  O . . . ngono, to. Ncen kadhang aku ra duwe rumangsa kok. Biasa-biasa wae . . .
Rani     :  ra rumangsa ana sing kangen, ya? Kit wingi sore rung ketemu, lho!
Mona   :  pisan neh, tak jiwit tenan, kowe Ran!

Guyone bocah-bocah sapantaran, kandheg, nalika keprungu bel. Cecaturane kapedhot, amargo kudu mlebu klas maneh. Bel tandha ngaso wis rampung.

BAGIAN RAMPUNGAN.

            Nang omahe Ardi. Wayah wengi. Bocah telu lagi sinai baareng. Doni, Okta, lan Ardi. Bengi kuwi, lagi padha nggarap PR Basa Jawa.

Ardi     :  wah, yen wis tekan parikan kaya ngene ki, mumet aku. Nyerah wae . .
Okta    :  trus, arep nurun nggonku, apa nggone Doni?
Doni     :  yen padha plek, ya ra isa, Ar. Ngko cetha yen turun-turunan. Kan ra ntuk padha plek, karo kancane. Rada geseh sithik ra apa-apa jane.
Ardi     :  yen ra ntuk nurun, mbok ya aku digawekke . . !
Okta    :  nges em es Rani Wae. Dhe’e jagone yen babagan parikan.
Doni     :  Rani ki wedok ya! Dadi ya ra jago arane, ning babon!
Okta    :  O . . iya, ya. Ya wis, Ar, ndang sms Rani. Njaluk kok nggawekke parikan!

Ora nganggo suwe, Ardi ngrogoh tase, ndudut HP. Jempole konthal-kanthil, ndumuki aksara-aksara sing nang HP-ne. Let sawetara wektu, keprungu swara saka HP, tandha yen ana balesan. Ardi maca SMS saka Rani.

Ardi     :  golek klengkeng nang Bandungan, golek duren nang Gunungpati, rumangsa gedhe wis wani pacaran, nanging ijek durung wani diSun . . . Piye to ki, karepe Rani, kok ana titik-titike . . . ?
Okta & Doni:
            Titik-titik kuwi isenana dhewe!
Ardi     : (sms saka Rani diwaca maneh, alon-alon) rumangsa gedhe wis wani pacaran, nanging ijek durung wani disun . . .
Okta & Doni:
            Nati!
Ardi     :  ah, gah aku! Ngko yen kon maca nang ngarepan klas, malah kisinan dhewe aku. Mirang-mirangke wong!
Okta    :  lha saiki piye, Ar. Aku lan Doni ki mbok anggep sapa saiki?
Doni     :  yen jek nganggep kanca kenthel, saiki aku tak takok, kenapa kok kowe jek rung wani disunati.
Okta    :  apa ngenteni nganti kuliah?
Doni     :  kadhung alot daginge.
Okta    :  trus terang wae, Ar! Yen aku lan Doni, isih mbok anggep kanca kenthel!
Doni     :  e . . e . . sapa ngerti, dhewe bisa mbantu masalahmu, ya kan Ta?
Okta    :  kabeh kuwi garek Ardi. Dhewe ngono, mung cah uculan. Mbok menawa ya gak penting-penting banget, kanggone Ardi. Sapa to Okta karo Doni kuwi?
Ardi     :  ya ra ngono Ta. Wis meh 3 taun lho, dhewe runtang-runtung. Siji lan sijine, ra iya padha-padha ngerti keertune to? (bocah telu ngguyu bareng).
Okta    :  saora-orane, yen mbok omongke, mbok menawa ana dalan. Utawa ngentheng-ngenthengi sing mbok pikir lan mbok rasake.
Doni     :  ya, Ar. Sapa ngerti dirembug bareng, ketemu solusine. Sori basane rada intelek.
Okta    :  ya . . ya . . wis ngerti kabeh kok, yen Doni ki jagone basa inggris.
Ardi     :  aku gak ngerti, Ta, Don. Ya aja tersinggung, yen bab iki ra tak omongke kowe-kowe kabeh. Mbuh kenapa, yen weruh getih sing ndlewer, ujug-ujug aku deg-degan.
Doni     :  apa kuwi sing disebut trauma utawa pobia?
Okta    :  ya to, basane sing ndakik-ndakik metu neh.
Doni     :  ah, ra penting kuwi. Sing penting piye carane, awake dhewe mbantu Ardi, ora duwe rasa lan pikiran kaya ngono kuwi!
Okta    :  piye ya carane . . . yen wis ngono ncen angel kok. Lha kok ujug-ujug, aku ngantuk ya . . .
Doni     :  lha, ra iya tenan to. Yen wis dijak mikir angel sithik, Okta mesti ngono.
Okta    :  (ngucek-ngucek mripate) wes-hewes-hewes, bablas ngantuke! Ya wis, ngene wae. Piye yen ra sah sunat wae, Ar!?
Doni     :  sing genah omonganmu. Jare mbantu Ardi, golek dalan, ngentheng-ngenthengi pikire.
Ardi     :  senengku duwe kanca Okta, ngene iki lho. Mencairkan suasana, ngono jarene Bu PPKN.
Okta    :  sik . . sik . . . nyebar godhong kara, sabar sauntara. Sabar . . . sabar . . . sabar . . .  Lha ketemu dalane! Piye yen nges-em-es Rani, utawa Mona?
Ardi     :  gah, gah! Isin aku. Iki bab wadine cah lanang. Saru yen diomongke karo cah wedok!
Okta    :  ya wis. Kuwi PR-e awake dhewe. Ora kudu bengi iki to, ketemu dalane?
Doni     :  iya . . . bener. Sing cetha jek ana PR siji, sing rung digarap Ardi bengi iki.
Ardi     :  oiya . . kuwi mau trus piye parikane? Rung rampung lho, PR basa jawaku.
Okta    :  rempeyek diremet, diijoli donat. Sirah mumet, mikirke kanca rung wani sunat.

Bocah telu ngguyu bareng.

                                                             -SAMPUN RUMIYIN-          

Bumi Mengger, Nungpati, Semarang, 1 Pebuari 2011.

- MAKNANE KEKANCAN -
(Dening: catur Widya Pragolapati)

BAGIAN KAPISAN.

Ing kantin sekolah. Nita karo Lisa linggih kursi, jejeran. Wektu kuwi jam ngaso sing pisanan. Bocah loro padha-padha during sarapane. Lisa pancen saben dinane ora tau sarapan nang omah. Amargo kawit subuh, Ibune wis menyang pasar, dodolan. Beda karo Nita. Wong tuwane pegawe. Tur ya duwe rewang. Wis samestine, saben esok, sarapan wis cemawis. Ning saben esok, Nita ora tau sarapan nang omah. Amargo tangine kerep kawanen utawa kerinan.

Nita      :  Lis, piye ulangan basa jawa mau. Gampang apa angel kanggomu?
 Lisa     :  yen aku ngarani, ya angel.
Nita      :  soal kaya ngono kuwi mbok anggep angel/
Lisa      :  ya mesti wae, kowe nganggep gampang, merga kowe duwe bukune.
Nita      :  Lis, sing genah omonganmu.dadi kowe ngira yen ulangan mau, aku ngerpek!?
Lisa      :  ora, ora ngono kaarepku, Nit!
Nita    : sori ya Lis, mbeke aku duwe bukune, nanging dudu Nita jenenge, yen gaweane     ngerpek.
Lisa      :  sepisan maneh, ora kuwi karepku, Nit.
Nita      :  lha terus apa karepmu, yen ora ndakwa aku ngerpek!?
Lisa      :  mengko dhisik to, aku tak ngomong.  Tulung Nit, rungokke aku tak ngomong.
Nita     :  ya, jal tak rungokke. Nanging yen kuwi ndakwa aku ngerpek, cukup semene   
wae kekancan karo aku. Wis ndang ngomonga!
Lisa    : ngene lho, Nit. Aku ndek bengi ora sinau, mergo aku ora duwe bukune. Ya  mesti wae aku ora bisa nggarap ulangan mau. Beda karo kowe sing duwe bukune. Aku percaya sinaumu kentheng.
Nita   : lha yen wingi sore, kowe gelem nyang omahku, yen arep nyilih buku, ra iya mesti wae tak silihi, to Lis.
Lisa   : saben sore, aku ngrewangi ibuku dodolan gorengan, nang kampung-kampung lan ngeterke nang warung-warung sakiwa-tengene pasar.
Nita      :  lho, kowe ya melu dodolan uga, to?
Lisa      :  yen ora ngono, aku lan adhik-adhikku apa bisa sekolah to, Nit.
Nita      :  ya, ngapurane wae ya Lis, aku duwe pangira sing elek karo kowe.
Lisa   : ora apa-apa, Nit, angger kowe gelem ngerti, aku wis seneng kok. Aku paling sedih, yen kelangan kanca, Nit. Apa maneh, kanca sing ngerti karo liyan, kaya kowe.
Nita      :  sepisan maneh, apuranen aku ya, Lis.

Bocah sakloron padha pandeng-pandengan. Banjur rerangkulan. Nalika kuwi, keprungu bel sekolah, tandha wektu ngaso wis rampung.

Nita      :  lho, ora krasa wis bel mlebu. Mangka durung pesen sarapan kuwi mau.
Lisa      :  ya wis, Nit, ayo mlebu klas wae. Mengko ngaso sing kapindho wae, sarapane!

Nita lan Lisa, gegandengan mlaku mlebu klas.

BAGIAN KALORO.

            Ing omahe wong tuwane Lisa. Wayah awan. Adhike Lisa, budi karo Nana, lagi dolanan nang ruwang tamu. During sowe anggone dolanan, bocah sakloron wis padha tukaran. Regejegan ba dolanan.

Nana  : Mas Budi kuwi lho, pelit. Adhik nyilih montor-montorane sedhela wae ora     entuk.
Budi     :  kuwi jenenge ngrebut, ora nyilih.
Nana    :  lha iya, adhik nyilih.
Budi     :  nyilih kok meksa.
Nana    :  entuk apa ora.
Budi     :  kowe wis duwe dolanan dhewe. Ya kono, nganggo dolanane wae.

Ora let suwe, Lisa teka. Meruhi adhik-adhike padha grejegan, Lisa banjur mbengok.

Lisa      :  wiiis . . . , gegeran maneh. Tukaran terus.
Nana    :  Mas budi kuwi lho, Mbak.
Budi     :  adhik ding mbak, sing gawe gara-gara dhisik.
Nana    :  Mas mbak sing ora gelem ngalah.
Budi     :  adhik wae sing pingine menang-menangan karebe dhewe.
Lisa      :  wis padha wae, ora sing gedhe, ora sing cilik. Kabeh pdaha golek benere dhewe.
Budi     :  lho, lha wong adhik sing miwiti kok. Kuwi mau dolananku direbut.
Nana    :  aku nyilih, kok.
Budi     :  nyilih kok angger dioyok wae. Kuwi jenenge ora nyilih, ngrebut.
Nana    :  pancen mas Budi pelit. Peliiit . . .  peliiit . . . peliiiiit . . .
Lisa    :  wis, wis, cukup olehe wadul. Yen pancen manut karo mbak, saiki padha lungguh nang korsi.

Karo besengutan, budi karo Nana, banjur lungguh nang korsi. Lisa banjur njupuk dolanane adhik-adhike. Montor-montoran karo papan dakon. Banjur dilebokke nang tas kresek. Lisa mlebu, bablas nang pawon. Ditutke adhik-adhike.

Lisa      :  lho, mau tak kon ngapa? Ra ya tak kon lungguh nang korsi wae to? Wis padha ora manut karo mbak, ya?
Budi & Nana:
              Mbak arep ngapa?
Lisa      :  arep ngobong dolanan iki.
Budi & Nana:
              Aja mbak, aja. Kapok.
Lisa      :  yen kapok, ora pareng tukaran maneh!
Budi & Nana:
              Ya, mbak, janji!
Lisa      :  saikiadhik njaluk ngapura karo mas. Semono uga mas!
Nana    :  mas, adhik dimaafke, ya!
Budi     :  iya, nanging adhik ora pareng ngrebut dolanane mas maneh lho!
Nana    :  nanging yen adhik kepingin dolanan montor-montoran?
Budi     :  adhik kan wis duwe dolanan dakon.
Nana    :  yen bosen, terus kepingin montor-montoran?
Lisa      :  adhik entuk nyilih, nanging ngomong dhisik karo mas, entuk apa ora. Ora kok  angger ngoyok wae. Mas ya kudu ngono. Yen adhik kepingin montor-montorane, ya disilihi. Mbesok yen celengane mbak wis akeh, dipundhutke dolanan sing anyar.
Nana    :  adhik pundutke boneka ya, mbak.
Budi     :  mas nyuwun bal basket.
Lisa      :  ya, ya . . . wis kana dolanan maneh, karo ngenteni ibu rawuh.

Budi lan Nana, banjur dolanan maneh. Sing Budi dolanan dakonan, Nana dolanan montor-montoran. Ijol-ijolan dolanan.

BAGIAN KATELU.

            Nang trotoar, dalan arep nyang pasar. Wayah sore. Lisa mlaku nyunggi Waskom, tangan tengene nyangking tas kresek, sing isine gorengan. Arep diterke nyang warung-warung, sakiwa-tengene pasar. Nalika arep tekan warunge Mbok Yem, keprungu swara, undang-undang jenenge.

Nita      :  Lisa! Lisa! (mlaku rikat, nyedhaki Lisa).
Lisa    :  (mandheg, noleh) Eee . . . kowe, Nita. Saka ngendi? Arep nang ndi? Karo Sapa kowe? Ngapa sore-sore kluyuran?
Nita      :  weleh, kaya tentara perang wae, pitakone brondongan. Wis kene, tak rewangi.
Lisa    :  ora usah, mengko yen ngerti bapak-ibumu, kowe mundhak didugani. Ngko gek malah aku sing disalahke.
Nita      :  ora kok, kae delengen (nuding memburi), Papa-Mamaku.
Lisa      :  endi to?
Nita      :  kae lho, sing ngadeg nang ngarep mobil zenia biru. Kaose kuning, kathokan cekak, nganggo topi abang. Sisihe kae Mamaku, sing nganggo celana jin, kaos ireng (Nita dhadha, marang Papa-Mamane).
Lisa      :  pancen ki mau, sengaja apa kebeneran ngerti aku.
Nita      :  wis, saiki ndang dirampungke dhisik gaweanmu. Mengko tak critani. Yuk, tak rewangi.

Nita nyaut tas kresek, sing dicangking Lisa. Banjur noleh memburi, tangane dhadha-dhadha marang papa-Mamane. Sarampunge saka warunge Mbok Yem, bocah sakloron mlaku reruntungan. Mlebu warunge mbah Parni, warunge mbak Diah, madhe Tijah, lan warung-warung langganan gorengan liyane. Bareng wis rampung kabeh, Lisa diajak Nita, marani Papa-Mamane, sing kawit mau setya, ngenteni nang ngarep mobil.

Nita      :  Lisa, kenalke iki Papa lan Mamaku. Pa, Ma, ki Lisa, sing dak critakke.
Lisa      :  (salim karo Papa-Mamane Nita) Lisa Om, Tante. Sugeng sonten.
Nita      :  sadurunge, ngapurane wae ya, Lis. Yen aku crita akeh bab kowe, marang Papa-Mamaku.
Papa    :  iya, Lis. Om seneng lan bangga, ngerti perjuanganmu. Bab kuwi bisa kanggo sinau Nita uga.
Mama  :  Tante karo Om, uga Nita, duwe karep rewang-rewang, ben gaweanmu rada entheng.
Lisa      :  maturnuwun saderenganipun Tante, Om.
Papa    :  saiki Lisa karo Nita ra iya wis klas 6, to? Sedhela maneh ujian. Kudune wis ngadhepi UN.
Mama  :  kawit sesok, Lisa ora usah ngeterke gorengan maneh. SPPne Lisa lan adhik-adhike, tante mengko sing nanggung.
Lisa      :  lha mangke, mbok Yem, mbah Parni, mbak Diah, lan warung-warung sanese bingung, tante.
Mama  :  bab kuwi, mengko tante rembug karo ibumu.
Papa    :  Ma, selak maghrib. Yo, ndang nyang omahe wong tuwane Lisa.
Nita      :  ya wis Lis, bareng-bareng nang omahmu, yo! Aku ya kepingin kenal bapak-ibumu. Uga adhik-adhikmu sing jaremu mbedhik-mbedhik.

Lisa lan Nita, ngguyu cekikikan. Banjur kabeh mlebu mobil. Zenia biru ngglondor, tumuju nyang omahe wong tuwane Lisa.

BAGIAN KAPAPAT. 

            Saiki Lisa wis ora ngrewangi ibune maneh. Dodolan gorengan nang warung-warung sakiwa-tengene pasar. Saben sore, Lisa bisa luwih longgar, momong adhik-adhike. Bengine sinau bareng karo Nita. Sore kuwi, Budi lan Nana, lagi dolanan nang ruwang tamu.

Lisa      :  Budi, Nana, olehe dolanan wis cukup. Saiki wektune sinau. Kabeh dolanane diringkesi. Ditata sing apik, terus disimpen. Sesok yen dolanan maneh, ora bingung yen nggoleki.
Budi lan Nana:
              Oke, bos!

Budi lan Nana, ngringkesi dolanane dhewe-dhewe. Banjur disimpen. Lisa rumangsa bombing lan mongkok, ndeleng polahe adhik-adhike.

Budi     :  mbak, aku ana PR basa jawa.
Lisa      :  adhik ana PR apa?
Nana    :  adhik ora ana PR. Nanging adhik, pingin sinau nggambar.
Lisa      :  yen ngono, saiki adhik pingin nggambar apa?
Nana    :  apa ya . . . ? anu mbak, nggambar gajah.
Lisa      :  ya wis, Adhik nggambare nang jobin wae ya! Mejane ben dingo sinau, Mas. Saiki Mas, diwaca PR’e!
Budi     :  anak menthok jenenge . . . meri.
Lisa      :  meri kuwi anak bebek.
Budi     :  lha yen menthok . . . ?
Lisa      :  min . . .
Budi     :  thi. Anak gajah jenenge . . .
Lisa      :  apa jenenge, sing bunder, gedhe, gandhul-gandhul, nang srambi mejid, saben arep adzan ditabuh. Dheng . . . dheng . . . dheng . . .
Nana    :  weleh-weleh, adhik malah pinter.
Budi     :  wis to, adhik nggambar wae.
Nana    :  lha kenapa to, wong adhik ya krungu kok,
Lisa      :  wis, wis  . . . adhik neruske gambare. Jal mbak pingin ngerti, kaya apa gajahe? (Nana nudhuhke gambare) lho, gajah kok buntute nang ngarep.
Nana    :  iki dudu buntut, mbak. Iki irung. Irunge gajah kan dawa nang ngarep.
Lisa      :  o . . . iya, pinter adhik. Jal saiki Mas tak bedheki, irung gajah jenenge apa?
Budi     :  tlaling, nanging ya ana sing ngarani tlale.
Lisa      :  100 kanggo adhik-adhike mbak. Yen anake gajah mau jenenge ora bedhug, nanging bledug.

Keprungu swara bedug ditabuh kaping telu. Bocah-bocah ngrampungi sinaune, saperlu arep padha menyang mejid, ngaji bareng-bareng karo kancane.

BAGIAN KALIMA.

            Watara tabuh sanga esuk. Murid-murid klas 6 A nganti klas 6 D, dikumpulke nang Aula sekolah. Dina kuwi pengumuman lulusan. Murid-murid klas 6, padha deg-degan. Nanging deg-degane Lisa lan Nita, beda. Bocah sakloron yakin, yen bakal lulus. Mung sing digagas bocah loro, baba NEM.

Nita      :  yen mengko NEM-ku kurang saka 27, ya abot yen ndhaftar nang SMPN 1.
Lisa      :  wis to Nit, pedhe wae!

Sawetara wektu, Pak Agus Munawar, wakil kepala sekolah bagian kurikulum, rawuh, karo ngempit stopmap.

P Agus :  putra-putriku kabeh. Bapak, ibu guru pesen; sapa wae sing ora lulus, aja kandheg. Kabeh kuwi mau coba. Sapa wonge sing teteg nang coba, yakuwi wong sing pinilih. Dene putra-putri sing lulus, teruske cita-citamu, sing tembe mburi, bisa dinggo sangu, mbangun nusa lan bangsa . . . (murid-murid keplok-keplok). Ing tahun ajaran iki, sekolahan kita lulus 97% . . . (murid-murid kelpok-keplok maneh, kepara luwih seru). Kejaba kuwi ana 3 siswa, saka sekolah kita, sing mlebu ringking Kabupaten. Ora liya yakuwi; Heru Darwanto, kanti NEM, 27,8. Anita Wulansih, NEM, 28,7. Dene sing paling dhuwur dhewe, kanti NEM 29,5, yakuwi putriku kang kinasih, Siti Amalisa.

Sarampunge Pak Agus ngaturke pengumuman, murid-murid klas 6, padha mlebu klase dhewe-dhewe. Lisa karo Nita, sing isih rerangkulan karo mbrebes mili, nang njero Aula.

Lisa      :  Nit, aku kudu kepriye, saliyane ngaturke panuwun marang Papa lan Mamamu. Luwih-luwih kowe, Nit.
Nita      :  wis . . . , wis! Aja gembeng kaya ngono kuwi. Juara Kabupaten kok nangisan. Isin mengko yen ana sing ngonangi.
Lisa      :  ora, Nit, ora. Diisin-isin ora apa-apa. Kabeh iki, yen ora saka Nita, ora bakal Lisa dadi juara.
Nita      :  ya ngene iki, maknane kekancan, Lis. Tulung-tinulung marang sapadha-padha. Yen aku ora mbok kancani sinau, mbok menawa NEM-ku ya ora nyadhak angka 27. ya mesti wae ora bakal ketampa nang sekolah sing tak impekke.

Bocah sakloron padha mesem. Rerangkulan maneh, banjur ngadeg, ngusap luhe sing isih kembeng-kembeng nang mripat lan pipi. Mlaku metu menyang klase, karo gegandhengan.

-SAMPUN RUMIYIN-

Bumi Mengger, Nungpati, Semarang, 28 Januari 2011. 


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar