Rabu, 24 Februari 2016

naskah BASA JAAWA-nggo BOCAH-Kentrung mbah Carito



Kentrung Mbah Carita
Dening: Catur Widya Pragolapati

Swasana Panggung:
Kaya saben adate, wayah Padhang Mbulan, tur maneh malem minggu. Bocah-bocah cilik padha dolanan nang plataran. Tembang Padhang Mbulan wis dadi tetembangan kang wajib kanggone bocah-bocah kuwi mau, yen arep padha miwiti dolanan.

            “yo pra kanca dolanan ing njaba
              padhan mbulan, padhange kaya rina
              rembulane-ne, sing awe-awe
              ngeling ake aja turu sore-sre”

Ing pereng wetan katon mbulan ndadari. Duwure kurang-luwih sanduwure wit gedhang putri sing arep mateng. Ning plataran sawijining omah gedheg sing wis ora kopen, amargo sing duwe omah wis tuwa. Ning tritis omah ana dingklik dawa sing digawe saka kayu randu. Omah gedheg katon sepi, lawange tutupan, nanging jendhelane bukakan. Bocah-bocah sapantaran padha umyek ngebaki jogan, ngarepan omah gedheg kuwi. Ngributake dolalan apa sing arep dienggo pambuka bengi kuwi.

“Dolanan jamuran wae, wis suwe ora dolanan jamuran”.

Tembung kuwi diambali makaping-kaping. Ora let suwe, bocah sapantaran kuwi mau padha gandengan gawe kalangan. Terus nembang Jamuran, gegandhengan karo mlaku mubeng:

            “jamuran ya ge-gethok
              jamur apa ya ge-gethok
              jamur gajih mbejijih
              mbejijih sa-ara-ara
              sira njaluk jamur apa”

Bocah 1   :  heh, kanca-kanca! Biasane yen rame ngene iki Mbah Carita terus metu lan sok melu urun rembug dolanan sing arep kita enggo. Nanging kenapa yo, kok durung ngetok?
Bocah 3   :  yen pancen ning omah, mesti wae terus metu. Apa wis sare ya?
Bocah 4   :  apa iya wis sare. Mosok yah mene wis sare?
Bocah 2   :  mbok menawa lagi sembahyang, yen ora lagi golek kopi ning warunge Mbok Jirah.
Bocah 5   :   mengko gek-gek, Mbah Carita seda! Terus ora ana sing ngonangi?
Bocah 6   :  sing genah omonganmu! Ora ilok bengi-bengi ngene iki ngomong kaya ngono kuwi!
Bocah 5   :   lho, kuwi rak ya mbok menawa, gek-gek!
Bocah 7   :  wis-wis dadi ora genah mengko. Ngene wae, piye yen ana sing njajal nginguk saka jendela! Niliki kahanane Mbah Carita!
Bocah 2   :  emoh aku yen kon nginguk, wedi aku yen dhewekan!
Bocah 1   :  yo wis ben dikancani iki wae (nuding Bocah 3).
Bocah 3   :  apa? Aku? Lho kok aku to?
Bocah 4   :  lha sing or percaya mau rak iya kowe to, yen mbah carita sare. Saiki bukteke yen Mbah Carita sare apa ora!
Bocah 3   :  kowe mau yo rada ora percaya yen bener-bener ora sare!
Bocah 7   :  wis grejegan maneh! Ora sida dolanan iki mengko.
Bocah 6   :  ayo ndang diputuske, selak kewengen mengko dolanane.
Kabeh      :  yo ora apa-apa, mumpung malem minggu, sesok libur sekolah wae kok.
Bocah 1   :  yen ngono, piye yen dolanan maneh? Mengko yen wis sawetara wektu Mbah Carita tetep durung ngetok, lagi bareng-bareng nggoleki Mbah Carita!
Kabeh      :  ya, sarujuk!
Bocah 3   :  terus dolanan apa? Emoh aku yen dolanan sudah-mandhah utawa bekelan!
Kabeh      :  lha kenapa to? Rak iya padha wae dolanan to kuwi?
Bocah 3   :  iya bener, nanging dolanan kuwi mung bocah siji sing main, liyane mung ndeleng ngenteni giliran. Ora bisa dolanan bareng-bareng.
Kabeh      :  Ooo . . . , kuwi to sing mbok karepke.
Bocah 1   :  yo wis ngene wae! Piye yen dolanan onthong-onthong bolong utawa betengan? 
Bocah 2,4:  betengan wae, betengan wae!
Bocah 3,5:  onthong-onthong bolong wae! Onthong-onthong bolong!
Bocah 7   :  wis grejegan maneh! Yen ana sing ngalah salah siji kenapa to?
Bocah 6   :  yen betengan emoh aku, marake kesel.
Bocah 1   :  lha terus karepmu dolanan apa? Kawit mau kowe meneng wae, ora usul apa-apa?
Bocah 6   :  yen kepingin kabeh bisa dolanan bareng, ora mung salah siji sing main, terus liyane ngenteni gilirane, ya dolanan cublak-cublak suweng wae!
Kabeh      :  nanging kowe sing dadi!
Bocah 6   :  ya emoh, ora adil kuwi jenenge. Ya hompimpah disik, sing paling kalah lagi dadi!
Bocah 1   :  piye kanca-kanca? Yen aku mung manut wae, mumpung mbulane isih ketok melok-melok.
Kabeh      :  ya wis, dolanan cublak-cublak suweng. Ayo hompimpah disik, sing paling kalah mengko sing dadi.

Bocah-bocah terus nggrumbul mubeng, padha hompimpah. Sing paling kalah keri terus pingsut. Sawetara sing menang padha golek krikil rada gedhe, kanggo gacuke cublak-cublak suweng. Dolanan kawiwitan, sing kalah njengking dikrubung kanca-kancane karo nembang:

            “cublak-cublak suweng
              suwenge ting gelenter
              mambu ketundhung gudel
              tak gempo lela-lelo
              sapa ngguyu ndhelikake
              sir, sirpong dhele kopong
              sir, sirpong dhele kopong!”

Bocah-bocah sing padha dolanan cublak-cublak suweng sanalika bubar, nalika weruh Mbah Carita teka, karo nggawa buntelan plastik sing isine kopi lan obat nyamuk. Kabeh padha sumrinthil, rebutan nggandheng.

Kabeh      :  (saut-sautan) kok dangu-dangu to Mbah, teng pundi mawon Njenengan?
Mbah’e    :  aku lagi golek kopi karo obat nyamuk ning warunge Jirah.
Bocah 2   :  lha ra iya bener aku to. Salahe mau padha ora nggateke omonganku.
Bocah 4   :  lha kok ngantos dangu to Mbah? Kanca-kanca wis ora sabar ngenteni.
Mbah’e    :  lha kuwi mau ning warung ketemu Bek Marni. Nembung yen mengko pupak-pusere anake sing lagi lair wingi, kepingin dirameke karana nanggap Kentrung.
Bocah 3   :  pupak-puser niku napa to Mbah?
Mbah’e    :  pupak-puser kuwi ana sing ngarani puput-puser, ya ana sing ngarani pupakan utawa puputan.
Bocah 3   :  lha puputan utawa pupakan niku napa, Mbah?
Mbah’e    :  bocah sing lagi wae lair mak cenger, kuwi ning wudele isih ana kaya usus dawa sing isih gandheng karo ari-ari, sing diaranrani tali puser. Usus dawa utawa tali puser kuwi mau, terus dikethok. Yen dhukun bayi ngethoke nganggo welat, yen Bidan utawa Dokter nganggo gunting. Nanging ngethoke ya ora pol mempet wudel. Antarane 5 nganti 7 dina, tali puser sing isih gandheng karo wudel, ucul utawa prothol dhewe. Kuwi sing diarani pupak. Ra iya wis padha nate untune protol dhewe to? Kuwi iya bisa diarani pupak untune.
Bocah 3   :  lha puser piyambak niku napa, Mbah?
Kabeh      :  wis to meneng disik, aja crewet kaya ngono kuwi! Mbah Carita ben njlentrehke disik!
Bocah 3   :  lho, aku ora ngerti karepe ra ya kena to, yen aku takon? Apa kowe kabeh padha mudheng apa maksude kuwi mau kabeh?
Bocah 5   :  iya bener, kabeh padha durung ngerti karepe pupakan utawa puputan. Lan apa maneh sing lagi wae mbok takoke, apa kuwi mau, puser?
Bocah 7   :  nanging yen kowe medhot tengah ndalan kaya ngono kuwi . . .
Kabeh      :  ora rampung-rampung katrangane Mbah Carita!
Mbah’e    :  ya ora dadi apa? Becike yen ora weruh kuwi ya takon! Ora kok kaya wong-wong jaman saiki, ora mudheng apa-apa wis wani crita rupa-rupa.
Kabeh      :  inggih Mbah, leres! Nanging luwih becik ra inggih mirengke katrangan rumiyin, menawi mangke wonten ingkang  mboten mudheng, nembe dipun tangkletaken.
Mbah’e    :  weh, weh, weh, wis padha pinter-pinter bocah saiki. Ya wis yen ngono simbah manut. Nanging simbah tak nggodhog jarang dhisik ya, nggo gawe kopi. Mengko yen wis rampung diterusake caturane. Wis kono padha dolanan dhisik!
Bocah 6   :  ngeten mawon Mbah! Pripun menawi ingkang nggodhog jarang salah satunggale kanca-kanca menika, teras Mbah Carita pinarak teng dhingklik, nglajengaken niku wau?
Kabeh      :  nanging sing nggodhog jarange ya kowe!
Bocah 6   :  ya emoh, ora adil kuwi jenenge. Ya hompimpah disik, terus pingsut, sing paling kalah nggodhog jarang, piye?
Mbah’e      :  wis, wis, ora susah grejegan! Simbah isih kuwat yen mung nggodhog jarang. Wis kono diterusake dolanane. Aja padha tukaran.

Mbah Carita terus jumangkah mlebu omah, ninggalke bocah-bocah sing padha pating cruwet. Atine bombong campur gumun. Ing atase jaman sing wis ora karuwan jluntrunge, isih ana bocah sing kober dolanan. Sawetara bocah-bocah isih ana ing platarane omahe Mbah Carita, padha rembugan dolanan apa maneh sing arep dilakoni, ngiras-ngirus karo ngenteni rampunge Mbah Carita nggodhog jarang. 

Bocah 2   :  terus dolanan apa maneh? Neruske cublak-cublak suweng?
Bocah 4   :  liyane wae! Ra iya isih ana dolanan liyane sing wis suwe ora tau dienggo? Kaya to, sprintol, dakonan, umpetan, cek-cek mek, benhtik, lan liya-liyane.
Bocah 3   :  oh iya, aku kelingan ngendikane Mbah Carita, yen dolanan kuwi ana telu wernane. Nanging apa wae ya aku kok lali.
Bacah 1   :  aku kelingan yen bab kuwi. Sing sepisan, dolanan ora nganggo tembang, umpamane, gobak sodor, sudhah-mandhah utawa ana sing ngarani engklek. Terus dolanan sing nganggo tembang, kaya dene sing lagi wae kita lakoni. Terus sing siji apa ya aku kok rada lali?
Bocah 7   :  dolanan sing mung tembang thok, utawa sing diarani tembang dolanan.
Kabeh      :  apa ana dolanan mung tembang-tembang thok?
Bocah 7   :  lha ra iya wis padha lali to. Kuwi lho, umpane tembang menthok-menthok, gajah-gajah, gundhul-gundhul pacul, kodhok ngorek, kidang talun, lan liya-liyane.
Kabeh      :   iya, ya, tembang-tembang dolanan kuwi wis suwe ora ditembangke.
Bocah 7   :  lha piye, yen nembang kodhok ngorek wae, karo ngenteni Mbah Carita ngrampungke nggodhog jarange?

Tanpa tembung sarujuk, bocah-bocah bebarengan nembang Kodhok ngorek:

            “kodhok ngorek, kodhok ngorek
              ngorek pinggir kali,
              theot, theblung, theot, theblung
              theot-theot, theblung.
                        jangkrik ngerik, jangkrik ngerik
                        ngerik ning suketan, 
                        krik-krik, krik-krik, krik-krik, krik-krik
                        krik-krik, krik-krik, krik-krik.
              manuk ngoceh, manuk ngoceh
              ngoceh ning wit-witan
              cicit-cuwit, cicit-cuwit
              cicit, cicit-cuwit”

Let sawetara wektu, Mbah Carita metu saka omahe, karo nggawa cangkir wadhah wedang kopi.

Mbah’e    :  lha yen ngono ra iya becik to. Ketok yen padha rukun lan guyub marang sabrayan. Wis saiki arep takon apa karo simbah, tak ladeni nganti esok simbah ya wani.
Bocah 6   :  wah yen nganti esok kula sing mboten wani mbah.
Bocah 5  :  mbah Carita enak, ngopi karo jedhal-jedhul, puuus, mbako linthingan. Lha kene iki klikikan, wetenge ora gelem diajak rembugan.
Mbah’e    :  lha yen gelem ya kana, ning ndhadah ana tela rambat! Didhugiri, terus mengko digodhog utawa dibakar. Yen mung nggo ganjel-ganjel weteng ya cukup yen mung bocah semene!
Bocah 6   :  yen bab niki mboten usah pingsut, Mbah. Kula badhe bidhal piyambak (terus klepat lunga menyang ndhadah/metu saka panggung, ngajak Bocah 5).
Mbah’e    :  karan putune akeh, ya werna-werna polahe. Ya wis paringana sabar anggone momong putu, ben awet urip. Hmm, tekan ngendi mau caturane?
Kabeh      :  dugi pupakan utawi puputan, Mbah.
Mbah’e    :  oiya, simbah kelingan, mau ana sing takon puser kuwi apa. Puser utawa ana sing ngarani punjer, ya kena diarani samubarang sing panggonane bener-bener ning tengah. punjere manungsa ya kuwi wudel.
Bocah 4   :  lha kok Bek Marni kepingin dirameke nanggap . . ., napa wau Mbah, trung . . . , trung . . .
Kabeh      : kencrung!
Mbah’e    :  kentrung! Dudu kencrung!
Bocah 2   :  sing gawene nggo mbarang teng bangjo nggih Mbah? Sing unine crung . .! crung  . .! crung . . ! niku naminipun kencrung mbah! Sanes kentrung!
Mbah’e    :   simbah ngerti. Kentrung karo kencrung kuwi beda. Pancen bener, sing gawene nggo mbarang bocah-bocah sak pantaranmu nang bangjo, kae kuwi ana singarani kencrung.
Kabeh      :  lha menawi kentrung menika napa, Mbah?
Mbah’e    :  pancen kesenian tradisi sing siji iki uwis langka. Uwis suwe banget wong-wong padha nglaleke, padha ninggalake.
Kabeh      :  Ooo . . . , bangsane kesenian to.
Mbah’e    :  bener! Wektu jamane bapake simbah isih sugeng, kesenian tradisi sing jenenge kentrung kuwi saben ana wong duwe gawe, mbuh kuwi puputan, selapan, utawa sunatan, bisa dipesteke nangap kentrung. Nanging saiki mbuh kenapa kok wis padha ninggalake?
Bocah 3   :  sekedap rumiyin  mbah! Kula sakanca dereng mudheng napa kentrung niku? Kesenian tradisi ingkang kados menapa to mbah?
Kabeh      :  weleeeh, iki meneh, medhot meneh!
Bocah 3   :  jal, saiki aku tak takon, sapa sing mudheng bab kentrung? Ayo sapa? Kowe (karo nudhing Bocah 2, Bocah 2 terus gedheg), kowe ya wis mudheng (nudhing Bocah 4, Bocah 4 ya gedheg). Lha iya, padha durung mudheng kabeh, sok dha keminter. Kuwi jenenge sawo dipangan uler!
Mbah’e    :  apa kuwi?
Bocah 3   :  cah bodho ngaku pinter.
Kabeh      :  weleeeh, padune arep parikan wae nganggo nesu barang.
Mbah’e    :  iya bener, kentrung kuwi kebak parikan. Dadi wong sing mainke kentrung kuwi kudu bisa crita,ya bisa parikan.
Bocah 1   :  lha yen kuwi aku rada kelingan. Jarene pak guru kesenian, kentrung kuwi meh padha kaya wong crita. Sok-sokan ndongenge karo nembang utawa parikan.
Kabeh     :  Ooo, kuwi to!
Bocah 3   :  kuwi apa!?
Kabeh      : sawo dipangan asu, wong bodho nesu-nesu. (terus padha ngguyu).
Mbah’e    :  weh, weh, weh. Jebul padha pinter parikan to? Rong wulan ora nate setoran.
Bocah 5   :  (mlebu panggung, bareng Bocah 6, karo nggawa tela bakar) wah angel kuwi. Yen kuwi mau urusane wong tuwa. Lajeng pripun mbah?
Mbah’e    :  Mumpung isih padhang mbulan, ayo padha parikan.
Bocah 1   :  mbah carita, pripun menawi mbah carita ndongeng, nanging kalihan parikan?
Bocah 6   :  ngene wae, mbah carita sepisan , bocah-bocah parikane ya sepisan!
Bocah 4   :  lha bocah-bocah bareng apa siji-siji?
Bocah 5   :  lha yen bocah-bocah siji-genten, mbah carita ya cepet semaput.
Bocah 7   :  apa ngene wae, ben rada dawa, saben bocah siji, klebu mbah carita, piye?
Mbah’e    :  oiya, simbah lagi kelingan. Rikala semana bapake simbah kuwi tukang kentrung. Ngene wae, ben kowe-kowe kabeh kaya ngapa to kesenian kentrung kuwi, simbah direwangi nggawa pirantine. Ketoke isih disimpen ning njero lemari. Ayo, ayo, simbah direwangi!

Ora ana sing ngaba, bocah-bocah cancut tali wanda. Kemruyuk, padha mlebu omahe mbah Carita saperlu njupuk piranti kanggo kentrungan. Ora let suwe, wis padha metu saka omahe Mbah Carita karo nggawa piranti kentrung. Karan bocah, nggawa ya karo tetabuhan sakarepe dhewe.

Bocah 6   :  dados, mbah carita nggih saget main kentrung, to?
Kabeh      :  pantes, pinter dongeng lan parikan.
Mbah’e    :  sing bisa main kentrung kuwi mbah buyut, ya bapakku. Nanging rikala semana simbah kadhang kala, ya melu dadi panjake. Melu-melu ngrewangi nabuh.
Bocah 7   : lha pripun yen samenika mbah carita ndongeng kalihan dipun tabuhi?
Bocah 1   :  yen jenenge dalang kentrung kuwi, saliyane crita ya nabuh barang, ngoten to mbah?
Mbah’e    : iya bener. Ya kuwi mau, critane dileboni parikan, sok dhong ya dilagoke.
Bocah 5   :  ah, kesuwen mbah, lik ndang diwiwiti.
Mbah’e    :  ya tak njajal, idep-idep gladhi nggo mengko puputane anake bek Marni.

Mbah carita terus nata piranti sing kanggo main kentrung. Let sawetara wektu, miwiti nabuh, terus nembangke parikane Dalang kentrung kondhang saka desa saendangayam Blora, Mbah Sutrisna.
 
            “pasar Blora, Mas, pasare gedhe,
              sesuk akeh sing bakul tempe,
              mangke malih didugekake,
              premisi leren, Mas, badhe ngombe.
                        Kembang duren, jambune klampok,
                        Premisi leren, Mas, badhe ngrokok”.

Kabeh      :  lho mbah, nembe diwiwiti kok sampun nyuwun leren?
Mbha’e    :  iki mau lagi njajal. Lan uga simbah ya isih mikir-mikir, crita apa sing patut nggo puputan mengko.
Bocah 3   :  timun mas, mbah!
Bocah 2   :  jaka tarub!
Bocah 5   :  ande-ande lumut, mawon!
Bocah 4   :  roro jonggrang!
Bocah 7   :  malin kundang!
Bocah 1   :  abunawas!
Bocah 6   :  jaka bodho!
Mbah’e    :  banget akehe babagan dongeng, simbah malah sangsaya bingung.
Bocah 5   : ngeten mawon mbah, anake bek marni niku lanang napa wedok. Nek lanang ya didongengke bab cah-cah lanang, nek wedok ya didongengke sing wedok-wedok. Ngoten mawon gampang.
Bocah 3   :  lho, dongeng kuwi ya ana sing lanang, ana sing wedok, to?
Bocah 6   :  kowe kuwi lho, mesti nganeh-nganehi. Ora dongenge ya, nanging lakon sing ning njero dongenge. Nek roro jonggrang, lakone kuwi wedok. Nek bandung bandawasa kuwi lakone lanang.
Mbah’e    :  ya, apik kuwi. Anake bek marni lanang, dulure wedok kabeh, pase lakon apa?
Bocah 6   : jaka bodho, pas banget kuwi.
Bocah 4   :  mengko bayine yen dadi bodho tenan, mbah carita sing kena.
Bocah 2   :  jaka tarub nawang wulan mawon, mbah!
Bocah 7   :  ampun mbah, mengko ndhak gawene nginjeni wong adus.
Bocah 1   :  ya ora terus ngono to. Iki ra iya mung crita.
Mbah’e    :  ya, kuwi wae ya sing gampang. Kowe-kowe kabeh ra iya isih padha kelingan critane to?
Kabeh      :  mboten mung kelingan mbah, apal nganti nglothok kados ace.
Mbah’e    :  mengko yen simbah lali dielingake ya!
Kabeh      :  beres, mbah!

Mbah carita terus nabuh piranti kentrunge, durung nganti miwiti critane, mandheg maneh.

Kabeh      :  wonten napa mbah kok mandheg malih, lutung nganggo popok, sing ngentrung njaluk rokok? Napa lutung ngango topi, sing ngentrung njaluk kopi?
Mbah’e    :  (mesem) ora! lutung ora duwe susuh, sing ngentrung  njaluk direwangi nabuh.
Bocah 3   :  lha mangke menawi pas main teng nggene bek marni, nggih melu main mbah?
Mbah’e    :  iya, saora-orane yen simbah lali critane, ana sing mbisiki ska mburi.
Bocah 2   : emoh aku ora wani.
Bocah 4   :  aku ya emoh, isin dideleng wong akeh.
Bocah 5   :  lho, kok padha emoh to? Enak lho, mengko disoting, mlebu tipi.
Bocah  6  :  lan maneh, mengko mesti akeh jajan sing enak-enak.
Bocah 1   :  kowe kuwi lho, kawit mau weteng wae sing diurusi.
Bocah 7   :  ngene wae, kabeh padha ngrewangi mbah carita. Bab nabuh mengko yen kesel bisa gentenan. Luwih adil to yen ngono, piye?
Kabeh      :  ya, yen ngono sarujuk! Mangga mbah kentrunge dibukak!

Bocah sapantaran kuwi mau terus lungguh sakiwa-tengene mbah carita. Ana sing nyekel piranti kentrung, ana sing mung lungguhan. Bareng wis padha siaga kabeh, bocah-bocah sing padha ngadhepi piranti kentrung, diwarahi carane nabuh. Dirasa wis cukup rancak, mbah carita miwiti ngentunge.

 Mbah’e    :  kocap kacarita, ana sawijining desa arane desa tarub. Ning pinggire desa ana randha sing duwe anak lanang siji. Kaya saben adate wong jawa, amarga omahe ning desa tarub, bocah lanang siji kuwi mau, bareng wis gedhe, karanan jaka tarub.
Bocah 5   :  yen jaman saiki diundang cowok tarub.
Bocah 6   :  yen wedok, cewek tarub.
Mbah’e    :  teruse piye, simbah lali!
Bocah 1   :  jaka tarub lunga alas bedhag kewan.
Mbah’e    :  iya bener, ing wayah esuk umun-umun, jaka tarub menyang alas saperlu bebedhag. Nganti wayah awan, ora ana siji-sijia kewan kang sumliwer. Jaka tarub kesel, terus ngaso, terus piye?
Bocah 3   : waduh mbah, piya-piye terus nggih mboten rampung-rampung critane.
Bocah 7   :  ngene wae, urut-urutan critane dibagi. Mbah carita bagian sing lelagonan karo parikan wae. Sing nyritake lelakone jaka tarub, kanca-kanca.
Bocah 4   :  yen ngono, aku sing babagan widodari lagi adus, nganti jaka tarub nyolong slendhange nawang wulan.
Bocah 2   :  aku jaka tarub sing ngajak nawang wulan dipek bojone nganti jaka tarub mbukak kukusan Bocah 1   :  nawang wulan ngonangi slendange, nganti nawang wulan pamit balik ning kayangan, bagianku.
Bocah 5   :  aku sing bagian jaka tarub lagi nginjen widodari sing padha adus ning tlaga wae.
Bocah 6   :  enak tenan bagianmu.
Bocah 7   :  dados ngoten mawon mbah, kersanipun mbah carita mboten kabotan, ngeling-eling critane. Lha teng nggene sela-selane bagian njenengan sanget nyelani parikan utawi tembang.
Mbah’e    :  wah, yen ngono kethuthuk ora mumet, mathuk nganggo banget. Yo, diambali maneh!

Mbah carita miwiti nabuh piranti kentrunge maneh, kairingan para panjak sing diandahi bocah-bocah. Bareng dirasa wis rada sampurna tetabuhane/rancak, mbah carita miwiti lelagonan sawijning parikan pambuka:

            “ . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
              . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
            . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . “

Bocah 7   :  kocap kacarita, ning sawijining desa sing adoh saka mbengengenge swara montor lan keluke mesin-mesin pabrik, sing marakae dhadha sesek. Ana satunggale desa sing arane desa tarub. Bocah 3   :  Ning pinggire desa ana sawijing omah, dienggoni randha sing duwe anak lanang siji. Kaya saben adate wong jawa, amarga omahe ning desa tarub, bocah lanang siji kuwi mau, bareng wis gedhe, karanan jaka tarub.
Mbah’e    :  mangan kulub pancen kaya wedhus, jaka tarub pancen bocah bagus. Wedhus ngono pancen ora tau adus, ya mesti wae ambune prengus. Jaka tarub pancen bocah bagus, ya mesti wae . . .
Kabeh      :  ora usah adus!
Bocah 6   :  ing wayah esuk umun-umun, jaka tarub menyang alas saperlu bebedhag. Nganti wayah awan, ora ana siji-sijia kewan kang sumliwer. Bakul bakso utawa dawet ayu ya ora ana sing liwat. Jaka tarub kesel, terus ngaso.
Bocah 5   :  nembe enak-enakan leda-lede, jaka tarub krungu ana swara cewek-cewek sing lagi padha ngrumpi. Jebule ning tengah alas kono ana tlaga. Cewek-cewek kuwi mau ora liya ya para widodari sing lagi adus. Asyik, nginjen ah.
Kabeh      :  (nembang kaya suporter bal-balan) ole . . . ole . . . ole . . . ole! Ole . . , oya! Ole . . . ole . . . ole . . . oya! Bagus, bagus, lha kok nginjenan.   
Bocah 1   :  nanging ora gelem diarani nginjen, Jaka Tarub ora njarak.  Ora let suwe, mripate jaka tarub, meruhi satumpuk slendang sing ora adoh saka pinggir tlaga. Ujug-ujug duwe kepinginan njupuk salah sijine slendang sing tumpukan kuwi mau. Sedulur-sedulur, ayo padha mentas, bali ning khayangan, yen kewengen mengko didukani Ibu. Mengkono pengajake salah sijine widodari. Terus kabeh padha mentas, nganggo sandangane lan slendange dhewe-dhewe. Mung Dewi Nawang Wulan kebingungan. Amargo slendange ora ana, alias ilang.
Bocah 2   :  mbah carita, yen mung crita thok kurang gayeng. Pripun menawi dipun paringi kados sandiwara utawi drama, utawi kethoprak-kethoprakan, kangge selingan mawon, kersane mboten bosen.
Bocah 4   :  kaya wektu agustusan tahun wingi karepmu?
Bocah 2   :  iya, bener. Lan uga wektu ana KKN ning desa kene,  ra iya nate diajari drama karo Mbak-mbake KKN to.
Bocah 7   : weh iya, mathuk kuwi. Yen ngono ana sing dadi Jaka Tarub, dadi nawang wulan, widodari, mbok randha.
Bocah 1   :  lha yen ngono, sapa sing kepingin dadi Jaka Tarub, Nawang Wulan, lan liya-liyane.
Bocah 5   : aku dadi jaka tarub.
Bocah 6   :  nanging wis ora ana nginjen-nginjenan lho. Critane wis tekan jaka tarub rampung njupuk slendange nawang wulan.
Bocah 5   :  lho, kuwi sing paling seru
Bocah 3   :  aku ya gelem dadi jaka tarub.
Bocah 2   :  aku nawang wulan.
Bocah 1   :  aku ya kepingin dadi nawang wulan.
Bocah 7   :  terus sing dadi mbok randha sapa.
Bocah 4   :  aku emoh.
Bocah 2   :  aku emoh.
Bocah 6   :  aku ya emoh.
Bocah 7   :  lha kok padha emoh kabeh, lha terus sing dadi sapa.
Kabeh      :  ya mung kowe dhewe.
Bocah 7   :  urikan kuwi jenenge. ya wis yen ngono, saiki yo diwiwiti wae selak mbengi.
Bocah 5   :  lho, durung ditentoke sapa sing dadi jaka tarub kok.
Bocah 2   :  sing dadi nawang wulan ya durung.
Bocah 7   :  ya pingsut sing paling gampang tur cepet. Sing menang dadi.
Bocah 1   :  (bareng wis pingsut) aku menang.
Bocah 5   :  aku ya menang.
Bocah 7   :  terus saiki sing liyane dadi wododari. Mangga mbah diwiwiti.
Mbah’e    :  para widodari lagi padha medhun saka kayangan, adus ning tlaga.
Bocah 7   :  Bocah-bocah sing dadi widodari sanalika tata-tata, padha ribet golek slendhang, terus ditaleke ning wetenge.

Bareng wis siaga kabeh, padha mragake (nggambarke) widodari lagi nari-nari, medhun saka khayangan. Terus ucul-ucul nyopot slendhang, njegur tlaga, nggambarke wonga adus. Jaka tarub mlebu mindhik-mindhik, njupuk slendhang, terus ngumpet.

Bocah 6   :  Sedulur-sedulur, ayo padha mentas, bali ning khayangan, yen kewengen mengko didukani Ibu.
Mbah’e    :  Para wododari padha mentas, golek slendhange dhewe-dhewe. Mung Dewi Nawang Wulan sing kebingungan. Amargo slendhange ora ana, alias ilang.
Bocah 1   :  mbak yu, slendhangku ora ana, adhuh kepriye iki, sapa sing njupuk.
Bocah 3   :  ilang! Sing genah, ayo digoleki.
Bocah 4   :  lha mau mbok dokok ning endi.
Bocah 1   :  mau ya ning kene, tak dadeke siji karo slendhange mbak yu.
Mbah’e    :  para widodari padha umyek, goleki slendhange Nawang Wulan, nanging ora ketemu.
Bocah 6   :  sedulur-sedulur, ayo ndang bali, selak kewengen.
Bocah 2   :  sepurane wae nawang wulan, kepeksa sedulur-sedulur kabeh ninggalke kowe.
Bocah 1   :  lha trus nasibku piye.
Mbah’e    :  para widodari padha bali ning khayangan. Mung nawang wulan sing ora bisa bali.
Bocah 1   :  waduh piye iki, duh dewa, kula wedi dhewekan teng alas ngriki. Kula nyuwun tulung dewa, paringana selamet, tebih saking godane sato kewan galak.
Bocah 5   :  aja wedi bocah ayu, ora usah wedi, tak kancani.  Ngapa kowe ning kene dhewekan.
Mbah’e    :  bothok klapa diiseni teri, ethok-ethok ora ngerti.
Bocah 5   :  aku melu prihatin marang nasibmu. Yen gelem ayo melu aku wae, tak jak ning omahku, urip bareng karo aku lan si Mbokku.
Bocah 1   :  sapa kowe, lan ngendi omahmu.
Bocah 5   :  mengko yen wis tekan omah tak critani, sapa aku.
Mbah’e    : kepeksa nawang wulan melu jaka tarub bali ning omahe. Bareng tekan omah . . .
Bocah 7   :  heh, jaka tarub, sapa kuwi bocah wadon sing mbok jak. Jare lunga alas golek kewan kok malah entuk pelempuan.
Bocah 1   :  kakang, aku wedi, ayo bali wae ning alas, si Mbokmu galak.
Bocah 5   :  ora usah wedi, pancen ngono kuwi si mbokku. Ketoke galak nanging apikan. Iki jenenge nawang wulan mbok.
Bocah 7   :  apik tenan jenengmu, ayu rupamu, apa gelem kowe tak pek mantu.
Bocah 5   :  lha ra iya tenan to, apikan simbokku.
Bocah 6   :  kocap kacarita, sawetara aku nggenteni mbah carita! Suwene-suwe, jaka tarub karo nawang wulan duwe anak, sing dijenengke nawngsih.
Bocah 4   :  cekak carita, ing sawijing dina, nalika nawang wulan arep umbah-umbah ning kali.
Bocah 1   :   kakang, aku arep ngumbahi ning kali. Aku lagi adang, tulung mengko dientas yen wis mateng. Nanging aku pesen, aja mbok bukak-bukak sadurunge dientas.
Mbah’e    :  nawang wulan terus budhal menyang kali, saperlu ngumbahi sandhangane anake, bojone, lan simboke. Ning pikirane jaka tarub kebak pitakonan.
Bocah 7   :  ana apa nawang wulan kok pesen ngono. Jaka tarub ora sranta, karo midhik-mindhik, kukusan dibukak. Lha dalah bojleng-bojleng.
Bocah 2   :  mbukak kukusan isine mung beras sak ler. Sanalika awake jaka tarub lemes.
Bocah 5   :  dadi, seprana-seprene nawang wulan yen adang mung beras sak. Pantes pari sing ning lumbung kae, ora entek-entek.
Bocah 6   :  bareng wis tekan omah, sak rampunge dewi nawang wulan ngumbahi ning kali, takon karo bojone, ap wis mateng segane. Jaka tarub ora njawab, mung ndhingkluk, amargo rumangsa salah ora manut apa sing dipesenke bojone.
Bocah 4   :  nawang wulan ora sranta, mak jrantal mlayu menyang pawon.
Bocah 3   :  bareng wis tekan pawon, mbukak tutup dandang, jebul isine mung beras mung sak ler. Sanalika nawang wulan lemes awake, terus marani bojone.
Mbah’e    :  purwadadi kuthane, sing dadi nyatane, salahe ora nggateke pesene bojone.
Bocah 6   :  pasar Blora, Mas, pasare gedhe, sesuk akeh sing bakul tempe, mangke malih didugekake, premisi leren, Mas, badhe ngombe. Mbah ngelak, tak mimik riyin.
Bocah 5   :  kawit mau aku ya wis ngelih, mbakar tela meneh yo.
Kabeh      :  wis, kompak bocah loro kuwi yen ngomongke bab weteng.

Bocah 6 terus ngombe, disusul kanca liyane, ya padha melu-melu ngombe. Bocah 5 arep mlebu nang pawon, saperlu mbakar tela, dipenggak kanca-kancane.

Kabeh      :  lho, kowe arep ning ngendi?
Bocah 5   :  mau aku rak iya wis ngomong yen aku ngelih, to. Arep mbakar tela disik.
Kabeh      :  lha terus sing nggenteni dadi jaka tarub sapa.
Bocah 5   :  ya mbuh kono dirembug.
Bocah 3   :  kari mung sedela wae kok.
Bocah 4   : sedela maneh ra iya rampung to.
Bocah 2   :  ayo to, selak kewengen mengko.
Bocah 5   :  aku ngelih tenan iki.
Bocah 7   :  wah wis ora isa kompak iki. Yen ngono aku tak bali wae ya.
Kabeh      :  lho piye to iki, malah padha ora nggenah.
Bocah 1   :  lha iya mung kari sedela maneh wis rampung wae kok.
Bocah 7   : lha kuwi to, ana ngelih-ngelihan barang.
Bocah 6   :  lho pancen ya ngelih kok. Aku dewe ya ngelih.
Bocah 7   :  ya wis to, aku ya bali yen ngono.

Bocah 7 terus bali. Bocah-bocah liyane padha nyalahke Bocah 5 lan Bocah 6. nanging bocah sakloron ora gelem disalahake amargo pancen ngelih tenan. Nuwuhke padudonan, antarane Bocah 5, Bocah 6, karo kanca-kanca liyane. Padudonane bocah sapantaran kuwi mau saya ngadoh saka papan pangonane Mbah Carita (metu saka panggung). Ning mburi panggung isih keprungu swarane bocah padudonan, saya suwe saya alon. Saya adoh kaya keterak angin dalu. Mbah Carita mung mesem, karo gedheg-gedheg, nanging atine bombong.

Mbah’e    :  karan bocah, arep dikapake. Sesok ra iya rukun maneh.
      “pasar Blora, Mas, pasare gedhe,
        sesuk akeh sing bakul tempe,
        mangke malih didugekake,
        premisi leren, Mas, badhe ngombe.
                   Kembang duren, jambune klampok,
                   Premisi leren, Mas, badhe ngrokok”.

                                    -   S A M P U N   R U M Y I N   -


Bumi Ngijo, Gunungpati, Semarang; 28 Nopember 2007.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar