Rabu, 24 Februari 2016

naskah BASA JAWA-nggo BOCAH



“Kandheg”
Dening: Catur Widya pragolapati

Swasana panggung :
Nang ndesa, wayah padhang mbulan. Rembulane ketok ngegla, nang pereng etan. Lamat-lamat swara bocah-bocah padha nembang “padhang mbulan”. Bocah 1 & 2 linggih nang dhingklik dawa, nyawang mbulan.

Bocah 1:
(mingser, madhep bocah 2) padhang mbulan kaya ngene iki, enake dolanan apa, ya?
Bocah 2 :
Nek mung kowe karo aku thok, ya ora gayeng.
Bocah 1:
Lha terus karepmu piye?
Bocah 2 :
Piye, nek ngampiri kanca-kanca. Dijak dolanan bareng nang lapangan utawa nang latar kene wae?
Bocah 1:
(mikir sedela, terus manthuk, tandha sarujuk).

Bocah sakloron terus ngundangi kanca-kancane, diajak dolanan. “ kanca-kanca, yo dho dolanan yo, mumpung padhang mbulan. Kae lho, mbulane ketok melok-melok!”. Ora let suwe, bocah-bocah sabarakan, mlebu panggung. Padha umyek, ngomongke bab dolanan apa sing arep dienggo.

Bocah 3 :
Terus, arep padha dolanan, apa? Nek bekelan utawa pasaran aku emoh. Enak nang omah, karo ndelok tipi. Apa neh, acarane bengi iki apik-apik.
Bocah 4 :
  Ya wis, ngene wae, piye nek dolanan gobak sodor utawa seledor?
Kabeh  :
  (saut-sautan) gobak sodor wae!
Bocah 3  :
Yo wis! Yen ngono, golek pasangan dhewe-dhewe terus pingsut. Sing menang balane sing menang, sing kalah balane sing kalah!

Bocah-bocah terus padha pingsut. Sawetara sing wis pingsut, gawe garis kanggo main gobak sodor. Bareng wis padha rampung kabeh, dolanan kawiwitan.
pungkasane, wektu bocah-bocah lagi gayeng dolanan, Mbah Carito mlebu. Ndeleng bocah-bocah dha dolanan, mbah carito atine bombong. Ing atase jaman kaya mangkene isih ana bocah sing seneng dolanan kaya ngono. Mbah carito neruske mlakune. Durung nganti metu panggung, diundang bocah-bocah.

Bocah 5 :
He, kanca-kanca! Deloken kae, kae rak mbah carito, to?
Kabeh  :
Iya, bener. Kae Mbah Carito. Lha ana apa to?
Bocah 5 :
 Piye, nek mbah carito dundang, terus kon ndongeng. wis suwe ra tau dongeng, Sajege ana tipi.
Kabeh  :
Iya, bener. Yo diundang wae. Mbah Caritooooo… ! Mbah.. , mriki Mbah, mriki sekedap.

Mbah carito mandheg. Terus noleh. Mesem kebak seneng, ndeleng bocah-bocah padha sumringah. Sawetara, bocah-bocah padha pandengan. Terus padha manthuk, tandha sarujuk. Bocah-bocah nyedhaki mbah carito. Padha umyek, rebutan nggandheng.

Saut-sautan :
Mbah, ndongeng mbah. Pun dangu mboten ndongeng. (dibolan-baleni).
Mbah Carito :
Yo, yo… engko ndhisik, to. Si Mbah tak linggih ndhisik.
Saut-sautan :
 Enggih, Mbah. Enggih. Pinarak ndhisik, mbah!
Mbah Carito :
 (bareng wis pinarak) si Mbah mbok kon ndongeng apa? Nang telepisi rak ya  wis akeh to, crita sing apik-apik.
Bocah 1 :
 Enggih, leres mbah. Ning kulo kangen kalih dongenge mbah carito.
Bocah 2 :
Leres, mbah. Nek Mbah Carito sing ndongeng, rasane pripun ngono lho mbah.
Bocah 3 :
 Pripun piye, maksudmu?
Bocah 2 :
 Ya, pokoke pripun. Aku kangelan nek nerangke.
Bocah 4 :
Sing cetha, Mbah. Nek Mbah Carito ndongeng, niku langsung, mboten berthele-thele. Mboten dipedhot-pedhot kados teng tivi.
Bocah 5 :
Kejaba ngono, yen awake dhewe ora mudheng critane, isa langsung takon karo Mbah Carito, ra yo ngono to, konco-konco?
Saut-sautan :
Iyo, bener. Iyo bener. Iyo bener.
Mbah Carito :
Yen pancen ngono karepmu, yo wis, simbah manut. Nanging janji lho, kowe-kowe kabeh tetep kudu sregep sinau, ben pinter!
Kabeh :
Inggih Mbaaaah!
Mbah Carito :
Simbah arep crita bab kancil nyolong timun.
Saut-sautan :
Alaaa bosen mbah, sanese mawon!
Mbah Carito :
(nggeguyu) yo, simbah arep crita wektu jaman Jepang. Rikala semana, simbah lagi golek kayu nang alas. Wektu kuwi alase isih runggut! Ora koyo saiki, padhang jingglang mergo kayune wis podho ditegori wong-wong sing jaga alas kana.
Bocah 6 :
Lho Mbah, sing negori rak yo wong-wonge dhewe to?
Bocah 7 :
Lha iyo kuwi mau, wong-wong sing jaga alas kuwi mau wong-wonge dhewe, dudu wong Jepang.
Bocah 8 :
Ora ngono maksude! Wong-wonge dhewe dipekso wong Jepang kon negori Mengko kayune dipek wong Jepang.
Bocah 6 :
Piye to, kok malah bingung aku?
Bocah 9 :
Lha iyo, yen kowe rung mudheng, aja crewet wae ngono lho. Mbah Carito ben ngrampungke dhisik critane, lagi mengko yen wis rampung lagi takon!
Bocah 6 :
Jare Bu Guru yen ora mudheng kon takon! Saiki aku takon malah diseneni. Piye to?
Bocah 9 :
Yen wis rampung lagi takon! Ora nugel tengah kaya ngono kuwi! Mpun Mbah dilajengke mawon critanipun! Ora rampung-rampung mengko critane!
Mbah Carito :
Ya, tak terusne critane. Tekan ngendi mau?
Kabeh :
Dugi kayune ditegori wong sing jaga alas.
Mbah Carito :
Bener! Kawit jaman Walondo nganti jaman Jepang, sing negori kayu wong-wonge dhewe. Nanging kabeh mau mung kongkonan, maksude wong penjajah mau ngongkon wong pribumi negor kayu. Yen wis, asile dipek wong monco mau.
Bocah 8 :
Lha ra iyo bener aku to?
Kabeh :
Wis to, meneng wae dhisik!
Bocah 7 :
Nanging jaman saiki sing negori wong-wonge dhewe, terus dipek dhewe nggo kebutuhane.
Bocah 6 :
Kuwi istilahe penjarahan, ra nggih ngoten to Mbah?
Mbah Carito :
Embuh, simbah ora weruh sing diarani penjarahan. Ngertiku wong sing nyolong kayu ning alas kuwi diarani blandhong. Ngono ngertine simbah.
Bocah 8 :
Lha nggih niku mbah, sing diarani penjarahan. Negori kayu teng alas ora ngomong sing duwe.
Bocah 5
lan sakarepe dhewe, nganti alase gundul.
Bocah 2 :
Sing ngakibatke dadi banjir gedhe. Lha yen wis ngono, sapa sing gelem disalahke.
Bocah 9 :
Pancene wit-witan sing ana alas kae ana sing duwe? Ora angger uwong entuk negori to?
Bocah 7 :
Piye to kowe kuwi. Alas kae nggone pemerintah. Sapa wae sing negor kudu ijin karo pemerintah.
Bocah 9 :
Lha wektu pemerintah isih dicekel Londo utawa Jepang, ijine yo karo dhekne?
Bocah 7 :
Yen kuwi aku ora ngerti, aku kan durung lahir. Takon wae karo Mbah Carito!
Mbah Carito :
Yen wektu semono, konco-koncone simbah yen arep butuh kayu dienggo gawe omah utawa lemari yo kari negor wae. Ora ngomong sapa-sapa.
Bocah 6 :
Niku naminipun penjarahan Mbah,nyolong.
Mbah Carito :
Ora gelem diarani nyolong. Lha wong wit jati kuwi sing nandur mbahne kok diarani nyolong. Sing nyolong yo wong Walondo karo wong Jepang kae!
Bocah 8 :
Apik iki critane, apik. Soyo seru iki. Mbah carito wis mulai emosi. Lajeng pripun mbah?
Mbah Carito :
Yo kuwi mau, yen wit-witan sing nang alas kae ngono, sing nandur jamane simbah buyutku. Dadi yo ora keleru yen anak putune melu ngundhuh, melu negori.
Bocah 9 :
Ngeten Mbah. Pancen leres sing nandur simbah buyut, nanging manut critanipun Bu Guru, lemahe alas meniko ra kagungane pemerintah. Dados ingkang gadhah meniko nggih pemerintah.
Bocah 7 :
Yen wektu semono sing dadi pemerintah wong Londo utowo wong Jepang, dadi alas kuwi nggone wong-wong kuwi mau?
Bocah 6 :
Lan yen arep negor butuh kayune kudu ijin dhekne?
Mbah Carito :
Ora isa! Kudune wong-wong kuwi mau nembung karo pribumi, bangsane awake dhewe. Ora kok malah kene sing nembung utawa apa mau, ijin!
Bocah 6 :
Piye to, kok malah bingung aku. Sajane sing kudu ijin kuwi sing pemerintah apa bangsane dhewe?
Mbah Carito :
Yen wektu semono, kudune wong Walondo sing nembung bangsane dhewe. Ora sakarepe dhewe ngono kuwi. Kuwi jenenge maling, ngrampok!
Bocah 8 :
Nggih Mbah, nggih. Leres njenegan.
Bocah 9 :
Yo ora isa ngono to! Wektu semono sing kuwasa Walanda, yo dhekne sing ngatur sakabehe.
Mbah Carito :
Ee . . e . . e! sapa sing ngajari kaya ngono kuwi? Alas saisine kae duweke wong pribumi, bangsane dhewe. Aku lan kowe-kowe kabeh yo nduweni!
Bocah 9 :
Inggih Mbah, leres. Nanging sedaya menika ra nggih kedah wonten ingkang ngatur to?
Mbah Carito :
Ngatur apa arep nguwasani, terus asile arep dipek dhewe, ngono!? Wis wegah aku neruske
 crito! Arep bali wae aku yen kaya ngene.

Mbah Carito terus ngluyur metu, karo prengat-prengut, agol atine. Sawetara bocah-bocah padha ndomblong, terus padha nyalahke siji lan sijine.

Bocah 1 :
Kowe kok sing marake mbah carito nesu. Yo ra sida crita to yen ngene.
Bocah 6 :
Lho kok aku to!? Yo iki (nduding bocah 9) sing sok pinter-pintero dhewe ngerti bab alas.
Bocah 2 :
Nanging sing crewet takon terus mau ra yo kowe to?
 Bocah 3 :
Lan sing mancing-mancing bab negori kayu?
Bicah 5 :
Yen aku ngarani yo malah iki (nduding bocah 7) sing manas-manasi mbah carito ngomong bab pemerintahan.
Bocah 4 :
Meneng-meneng malahan kowe (nduding bocah 8) sing mbombongi terus.
Bocah 8 :
Lho, yo ora isa ngono to. Aku ra mung . . .
Bocah 7 :
Wis . . wis! Kabeh padha nganggep bener dhewe. Ora ana sing gelem disalahke. Saiki apike enake piye? Nyusul Mbah Carito apa neruske dolanan maneh.
Kabeh :
(saut-sautan) yo, dolanan maneh wae mumpung isih padhang mbulan.
Bocah 9 :
Lha terus dolanan apa? Emoh aku yen blayonan, marake kesel!
Bocah 4 :
Yen ngono, piye yen dolanan seledor?

Bocah-bocah padha sarujuk. Terus milih bocah loro sing dadi simboke. Dolanan seledor kawiwitan. Let sawetara wektu, bocah-bocah lagi gayeng dolanan, saka kadohan keprungu suwara terompet, tanda yen ana warga sing tinggal donya. Bocah-bocah mandheg dolanane. Padha nggateke suwara terompet. Ora let suwe keprungu suwara saka genthora mushola.

Suwara :
Inalillahi wa inaillaihi ra ji’un 3 X.  kapundhut dening ngarsaning gusti, simbah kito Sastro Rahardjo. Jenasah badhe kasarekake mbenjang jam 12 siang. Mugi-mugi arwahipun ditampi dening ngarsaning gusti, lan keluarga ingkang dipun tilar pikantuk kekuatan iman, amin.

Bocah-bocah padha ndomblong. Isih rada ragu-ragu, apa bener Mbah Sastro Rahardjo kuwi ya Mbah Carito? Pikiran sing kebak pitakonan kuwi mau mung katon saka praupane bocah-bocah. Ora ana ko siji sing kumecap. Suwara terompet soyo cedhak. Saka mburi layar katon wayangane wong mlaku karo nyebul trompet.

Bocah 8 :
Lik, apa bener Mbah Sastro Rahardjo kuwi ya Mbah Carito?
Suwara :
Bener, Le! Ora keliru!
Kabeh :
(mbengok rada sora, sedih campur gela) Mbah Caritoo o o o o ! ! nyuwun ngapunten Mbaaah!

Bocah-bocah padha tangisan dhewe-dhewe. Mlaku ngebaki panggung sakarepe (gawe komposisi).   

Kabeh :
Mbah Carito, kenapa njenengan cepet-cepet ninggalke kita. Mengko sapa sing arep crita. Nyritake riwayat rikala semana. Ndongeng bab kancil, kidang talun, nganti kluruke pitik cinde laras. Mbah, sapa sing arep crita bab angin, banyu, gunung lan watu. kita wis bosen Mbah! Bosen nonton tivi sing critane mung kuwi-kuwi. Kita isih butuh njenengan, Mbah. Aja lunga dhisik, kita isih padha durung becik. Kaya ngapa mengko dadine bocah-bocah sak wise kene. Sing wis kelangan carito, carita sing marake guyub karo sapadha-padha. Mbah, aja lunga Mbah!


Semarang, Tentara Pelajar, 9 Nopember 2005

Tidak ada komentar:

Posting Komentar